PADHANG KATUTUP PETENG
Dening : Zaenal Awaludin
Kulawarga sing rukun lan seneng bebasan padhanging
awan. Kaya kulawargane Pak Karso, saben dina sajak ora tau nemoni prakara.
Dheweke nyambut gawe dadi Hansip ing salah siji dhusun neng Wonogiri. Anggone
nyambut gawe wayah wengi tekan esuk. Yen awan kanggo ngaso nglemesake awak.
Dheweke pethel banget, mula wis 15 taun iki anggone dadi Hansip ora diganti
dening wong liya. Pak Kadus pitaya yen Pak Karso isih bisa ngemban jejibahan
iki. Bu Marni, bojone mung nyambut gawe srabutan. Apa wae sing bisa ngasilake
iya dilakoni, sing penting halal. Dene anake ana loro, yaiku Tini lan Dhimas.
Tini wis kelas 11 ing salah siji SMA swasta. Dheweke kalebu bocah sing kenes. Dene
Dhimas isih umur rong taun. Yen esuk Bu Marni nyambut gawe sinambi nggendhong Dhimas,
merga neng omah ora ana sing momong. Nalika Tini wis mulih saka sekolah, Dhimas
dimong dening dheweke. Sanadyan kahanan sing pas-pasan, nanging ora ndadekake
kulawarga iku nggresula. Kabeh tansah padha matur nuwun marang Gusti apa sing
wis diparingake.
Mulih saka sekolah, Tini diutus
dening ibune momong Dhimas. Bu Marni lagi ana gaweyan ing omahe Bu Karsum
ngumbah sandhangan. Sanadyan awak kesel, nanging dheweke ngelingi yen wong tuwane
banget luwih kesele anggone nyambut gawe. Bakale kasile ya kanggo dheweke lan
adhine.
“Tin, mengko yen adhimu nangis
dijerke susu wae, ya! Susune aneng lemari pawon kaya biyasane. Ngreti, ta?” Bu
Marni ndangu.
“Inggih, Bu. Mangkin kula
damelaken.”
“Oh, iya. Mengko dhaharane bapak
aneng meja tengah. Dingetke wae, ya!”
“Inggih, Bu.” Wangslane mung
sacukupe, merga awake pancen lagi kesel ora kaya biyasane.
Jam 2 awan Pak Karso wis tangi.
Dheweke banjur reresik awak kareben seger. Ora lali marang weling ibune, Tini
ngenget dhaharan kanggo bapake. Sinambi nggendhong Dhimas sing nangis wae, dheweke
katon repot banget kaya ibu-ibu rumah tangga. Kahanan kaya mangkono pancen kudu
dilakoni.
“Adhimu kena apa, Ndhuk? Kok
nangis wae? Kene dakjak bapak, kowe ngenget wae.” Pandanguune Pak Karso marang
Tini.
“Boten menapa, Pak. Paling nyuwun
susu. Bibar menika kula damelaken.”
“Ya wis yen ngono. Ndang, ya!
Mesake adhimu.”
“Inggih, Pak”
Sawise rampung, Dhimas digawekake
susu. Dheweke bisa turu angler sinambi ngemut dhot. Tini ngrasa yen dina iku
ora kaya dina-dina biyasane. Arep nglakoni apa-apa kaya wegah. Sajak ana bab
kang ngganjel atine.
Srengenge surup lan padhanging
rembulan tanggal limalas wis katon. Bu Marni wis kondur anggone nyambut gawe, gentenan
Pak Karso sing tumandang. Wektu wis nudhuhake jam 01.00 WIB. Bu Marni lan
Dhimas wis padha angler. Nanging, Tini babar pisan durung bisa turu ora kaya
padatane. Atine tansah trataban. Malah, ora ngreti prakarane eluh tumetes.
Jendhela dibukak byak dheweke nyawang sepining wengi sinambi nyangga uwang lan
ambegan landhung. Bingung sejatine apa sing wis kadadeyan. Dheweke mbatin, “dhuh
Gusti, sejatosipun menapa ingkang sampun kadadosan? Kula sampun nampi kanthi
lila legawa menapa ingkang panjenengan paringaken. Ingkang kula suwun namung
mugi-mugi kulawarga kula tansah pinanggih rahayu wilujeng, boten pinanggih bebaya.”
Lamat-lamat kumrungu swara mobil
nyedhaki omahe Pak Karso. Jebul iku mobil pulisi lan mandheg pas ana ing ngarep
omah. Tini sansaya bingung.
“Apa ana sing luput saka
kulawargaku? Ing tengah wengi kaya mangkene ana pulisi teka. Aku luput apa? Apa
ibu sing luput? Yen Dhimas, ora bakal duwe luput nganthi pulisi bisa teka. Apa
bapak? Nanging, bapak wis tumindak apa? Sangertiku bapak iku wong sing becik,
ora tau tumindak ala.” Durung rampung anggone nylathu, pulisi loro iku wis
ndhodhog lawang ngarep.
“Kula nuwun, kula nuwun.” Pulisi
iku uluk salam.
Tini mbukakae lawang lan mangsuli
salame pulisi iku, “inggih, Pak, wonten menpa kok dalu-dalu rawuh wonten
mriki?”
“Kula saking kapulisiyan badhe
nyuwun pirsa, menapa leres menika griyanipun Pak Karso?”
“Inggih leres. Wonten wigatos
menapa, nggih?”
“Pangapunten, mbak, kula namung
badhe atur palapuran bilih Pak Karso seda sasampunipun dipunkebuk maling.”
“Apa? Ibuuuuuu!” Banget kagete
Tini krungu lapurane pulisi mau. Bu Marni lan Dhimas kaget krungu jeritane
Tini. Wong loro iku tangi kabeh langsung tumuju ing ngarepan. Bu Marni sansaya
bingung merga ana pulisi teka ing tengah wengi.
“Ana apa, Ndhuk? Lho, kok ana pulisi?
Sapa sing luput?”
“Bapak, Bu. Bapak.”
“Iya, bapak kena apa?”
“Apa, seda? Mau bapak sehat-sehat
wae kok.” Bu Marni sajak ora precaya.
Pulisi mantepake wong loro iku,
“inggih, Bu, menika leres. Kala wau Pak Karso nyepeng maling. Nanging, gandheng
malingipun cacah tiga, Pak Karsa kawon. Lajeng wonten salah satunggaling warga
ingkang lapur ing kantor pulisi.”
“Dhuh Gusti, coba menapa menika?”
Bu Marni uga nangis.
“Kula suwun ingkang sabar, Bu!
Awit Pak Karso seda nalika nglampahi jejibahan luhur lan numpes durjana.
Samenika jenazahipun taksih wonten griya sakit Ngudi Waras. Sumangga samenika
kula dherekaken mrika.” Saute pulisi.
“Inggih, Pak. Tini, Dhimas
gugahen, saiki bareng-bareng budhal nggawa kondur bapak!”
“Inggih, Bu.” Wangsulane Tini
sinambi tangis seseg.
Bagyane kulawarga iku sanalika
iku kasigeg. Padhang wis katutup peteng. Langit kaya-kaya nibani sirahe Tini lan
Bu Marni. Esuke, Pak Karso digawa kondur menyang omahe lann disarekake ing
pemakaman umum. Ora namung kulawarga, nanging tangga-tangga uga ngrasa
kelangan. Merga, Pak Karso wis misuwur kapethelane lan tanggung jawabe anggone
nglakoni jejibahan dadi Hansip.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar