Selasa, 29 Desember 2015

TULADHA GEGURITAN

                     KABEH MBISU
                         Dening : Zaenal Awaludin

Lumaku sadawaning dalan krikil
Bingung tanpa papan kang tinuju
Awak garing, sinorot srengenge
Kang tanpa tedheng pangaling-aling
Sapa kang siambat yen kahanan kaya mangkene
Pengin takon nanging karo sapa?
Wis dakcoba takon marang krikil,
iya meneng wae
Kae,,, srengenge kang sumorot uga tanpa wangsulan
Kabeh meneng
Kabeh tanpa swara
Kabeh mbisu

Apa dakcoba takon marang suket kang keterak angin?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar