KANGENKU LAN KANGENMU
Dening : Zaenal Awaludin
Kelap-kelip lampu senthir
Ing petenge pesisir
Blarak kang ngawe-awe
Banyu segara kang guling-gumuling
Kaseksen seksi bisu
Dhewe nembang lagu tresna
Senenge wengi iki
Kang kinanthi gagahe gisik
Seger sumilire angin wengi
Dadi seksi rumakete kangenku lan kangenmu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar