Selasa, 29 Desember 2015

TULADHA GEGURITAN


                                   SUNGKEM
                                           Dening : Zaenal Awaludin

Tangis seseg nalika eling luputku mring wong tuwa
Dakgegem seret asta
Dakambung samparane
Nora bisa aweh piwales kang nyata
Nora bisa aweh piwales kang padha
Rama ibu,
Paringana pangaksama mring keng putra
Awit dereng saged adamel bombonging manah
Namung saged paring raos kang tan sakeca
Amung siji panyuwunku marang Gusti
Mugya tetep bisa ngabekti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar