Selasa, 29 Desember 2015

TULADHA GEGURITAN


 TEKANE LAYANG ULEM
            Dening : Zaenal Awaludin

Ajur mumur rasaning ati
Nalika daktampa layang ulem saka sliramu
Ndrodhog atiku meneng tanpa swara
Mekek rasa seseg jroning dhadha
Ngretiya sejatine ati iki
Isih banget tresna lan asih
Durung kober aku nggubet tatu
Sliramu nambahi tatu
Watara suwe dhewe pisah
Kekarepanku bakal tinemu maneh
Nanging nyatane wis ana gantine aku
Pantes tanpa warta nalika aku ana kana
Gumrujuge uluh ngalahake Curug Sewu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar