TULADHA CERKAK
KANGMAS, AKU KEPENGIN AKUR
Dening : Zaenal Awaludin
Mudhun saka motor nalika mulih sekolah, aku terus nguculi helm. Ponakanku, Idun sing isih umur telung taun ngampiri sinambi mlayu lan ngguya-ngguyu. Pancen dheweke ponakan sing paling daksayang. Ora lali mesthi ana pitakon kaya mangkene nalika aku mulih saka sekolah, “mas, Idun ditumbasake apa?” Aku kerep nggawa es campur kasenengane. Awak kesel ora dakrasa nalika nyawang ponakanku siji iki sing lucu.
Sinambi ngaso nglemesake awak, aku ora lali ngadhep laptop. Dhasare jurusanku komputer ing salah siji Sekolah Menengah Kejuruan (SMK) ing Wonosobo, mula kasenenganku ya ngothak-athik laptop. Nanging, dina iku bingung arep ngapa. Sumangatku kanggo sinau wektu-wektu iki rada ilang. Ana prakara kang gawe aku kaya mangkene. Tansah gawe aboting pikirku. Dudu karo wog liya, nanging kangmasku dhewe. Sejatine dudu kangmasku asli, nanging putrane budhe. Nalika isih umur nem wulan ing njero weteng, dheweke wis ditinggal seda dening bapake. Banjur ibune nyusul seda nalika kangmasku umur rong taun. Dheweke milih melu bapaku. Aku dhewe sejatine ora ngreti kenangapa kangmasku kaya mangkono. Aku ora rumangsa duwe luput. Wiwit aku isih cilik kangmasku wis duwe rasa ora sayang marang aku. Luwih-luwih nalika aku disekolahake ing SMK dening wong tuwaku.
Wengine, saka njaba kamar krungu swarane ibu nimbali aku. “Teja, ana Mas Agus iki nggoleki kowe.”
“Inggih, sakedhap, Bu.”
Mas Agus iku kancaku, ya kancane kangmasku. Dheweke mesthi dadi panengah nalika aku lan kangmasku padu.
“Mangga, mas. Arep tindak ngendi, ta kok dhines temen, kaya arep nglamar wae?” pitakonku karo ngguyu.
“Halah nglamar sapa, apa ana sing gelem karo aku? Hahaha”
“Ya menawane wae mas wong pancen sampeyan iki wis wayahe kok, hehehe”
“Aku arep ngajak kowe dolan menyang pasar malem. Mengko arep njajan apa wae dakturuti pumpung aku lagi ana rejeki.”
“Kok janur gunung apikan ta, mas? Biyasane karo Mas Tugi.”
“Wis, ayo ndang budhal mundhak sansaya wengi. Numpak motormu wae ya?”
“Ok, mas.”
Aku ora lali pamit marang bapak ibu kanthi salaman ngambung tangan.
“Kula dolan rumiyin nggih, Pak, Bu?”
“Iya, sing ngati-ati aja mulih kewengen.”
“Inggih, Bu.”
Aku lan Mas Agus enggal-enggal budhal numpak motorku. Sadawane dalan tumuju pasar malem dikebaki guyon mrana-mrene ora cetha. Ora krasa jebul wis tekan. Aku milih-milih kaos bal-balan. Dene Mas Agus nggolek jaket kulit.
“Piye, Ja, wis entuk apa durung? Iki aku wis entuk jaket kulite.”
“Aku uga wis entuk, Mas.”
“Mung kaos siji thok? Milih maneh liyane!”
“Ora lah, Mas. Iki wae wis matur nuwun banget.”
“Ya wis yen pancen ngono.”
“Sadaya dados pinten, Pak?” pitakone Mas Agus marang bakul sandhangan iku.
“Kalih atus seket ewu, Mas.”
“Menika, Pak. Matur nuwun, nggih.” Bakul sandhangan iku mung manthuk-manthuk.
Gandheng weteng padha-padha luwe, Mas Agus ngajak njajan bakso. Aku nyuwun dibungkusake wae merga wis meh tengah wengi. Mas Agus nyetujoni lan dibungkus kabeh.
Tekan omah, Mas Tugi wis lagi lenggah dhewe sinambi nonton tv. Pasuryane katon prengat-prengut. Kaya-kaya aku ora wani takon. Bakso sing mau dijajakake dening Mas Agus daktawakake.
“Mas, iki arep bakso apa ora? Mau dijajakake Mas Agus.”
“Ora butuh!” Wangsulane nganyelke ati.
Mas Agus njiwit pupuku supaya ora mangsuli. Namung esem kecutku sing mangsuli. Ana nggomah aku kaya wong liya tumrap Mas Tugi. Sing gawe aku isih betah ana ing omah merga isih ana jadwal ujian smester ganjil kelas 12. Aku gelem dijak Mas Agus dolan mung kepengin mlayokake ati kang pegel iki. Aku uga tansah eling marang pituture bapak lan ibu, yen aku tetep kudu sabar nglakoni kadadeyan iki.
“Pancen kepenak uripe, ya, anane mung sekolah, dolan, lan mangan. Njaluk apa-apa mesthi keturutan. Ora kaya aku budhal menyang sawah wayah esuk mulih sore. Sing remuk ya remuk. Sing kepenak ya kepenak. Sing nandur ya nandur. Sing kari panen ya ana. Njaluk motor langsung dituruti. Sing iki paling njaluk dhuwit petukon udud wae ora dikei.” Mas Tugi anggone matur nesu.
Aku sing ora rumangsa nglakoni kaya mangkono mung bisa meneng lan ndhengkluk ora wani nyawang. Ora krasa eluh tumetes saka mripatku. Mas Agus nalika iku mung ngrangkul aku ora aweh atur kaya biyasane, merga ora kepengin nambah-nambahi prakara. Pancen bener nyatane yen aku njaluk apa-apa gampang dituruti, nanging kangmas lan adhiku uga kaya mangkono. Bapak lan ibu nganggep padha, ora ana sing dibeda-bedana. Aku mung wani ngomong ana ing batin, kok kangmas matur kaya mangkono. Enggal-enggal dakusapi eluhku nalika bapak lan ibu kondur saka daleme simbah supaya ora dadi pitakonan. Aku mlayu mlebu kamar, dene Mas Agus pamit mulih.
Wengi sesuke aku dolan menyang daleme simbah. Kaya padatane, aku disuguh teh pait lan sengkulun. Ora nganggo wektu suwe aku nyritakake apa kang wis kadadeyan karo kangmasku. Kaya apa dukane simbah nalika ngreti kadadeyan iku. Aku mung bisa nangis seseg tanpa swara. Simbah ora trima yen aku digawe kaya mangkono.
“Sing anake bapakmu iku kowe, dudu kangmasmu. Yen kaya mangkono bapakmu bakal dakutus nundhung kangmasmu!” Ngendikane simbah sinambi duka.
“Sampun kados makaten, mbah. Kangmas ugi mbetahaken bapak saha ibu. Kula boten kepengin kangmas dipuntundhung.”
“Kowe iki kepriye, Le? Awakmu wis didaksiya marang kangmasmu. Ora trima rasaku!”
“Boten menapa, mbah. Sampun ngantos memanjang prakawis.” Aku mangsuli karo mlayu metu tanpa pamit.
Simbah nututi aku ana ing omah lan ngandharake marang bapak. Bapak langsung duka. Kangmas ditimbali ana ing kamar dilarak metu.
“Kowe wis ngapakake anaku? Ra trima rasaku yen kowe wani ndaksiya Teja. Beja-bejane wong urip yen wis ora duwe wong tuwa nanging isih ana sing gelem ngrumat. Wis dakwenehi ati malah ngrogoh rempela. Banyu susu kokwales banyu semburan. Aku wis ora sudi nyawang wong watek asu kaya kowe. Becik kowe lunga saka omah iki. Mrana sapa sing gelem ngrumat kowe maneh!” Bapak duka marang mas Tugi.
Mas Tugi ora mangsuli. Mung eluh sing tumetes. Ibu ngrangkul aku melu nangis. Kabeh kulawarga padha ngumpul merga krungu swarane bapakku. Kabeh ora ana sing wani nyigeg dukane bapak. Aku nguculi rangkulane ibu lan nyuwun marang bapak supaya ora nundhung Mas Tugi.
“Sampun, Pak, sampun. Kula boten lila manawi Mas Tugi dipuntundhung. Sanadyan sanes putranipun bapak, nanging Mas Tugi ugi kangmas kula. Sampun dipuntundhung , Pak. Sanes punika ingkang kula kajengaken.” Tangisku sansaya seru.
“Ora mangkono, Le. Kangmasmu iki kudu daktundhung supaya uripmu bisa adhem ora kebak pikir!”
“Boten, pak. Manawi Mas Tugi dipuntundhung boten saged damel manah kula adhem. Boten kados makaten, Pak.”
“Banjur apa karepmu?”
“Kula boten ngajeng-ajeng punapa-punapa. Kula boten kepengin Mas Tugi dipuntundhung. Kula namung kepengin Mas Tugi saged akur kaliyan kula.”
“Tugi! Krungu apa ora adhimu ngomong apa? Adhimu wis kokdaksiya nanging bisa aweh piwales kang apik. Ora kaya awakmu. Krungu ora?” Bapak sansaya duka ngreti aku mangsuli kaya mangkono lan melu nangis.
“Inggih, pak. Kula nyuwun pangapunten. Kula namung kepengin dipungatosaken sami kaliyan Teja. Kula namung kepengin ngraosaken kados menapa gadhah tiyang sepuh ingkang asli.” Mas Tugi mangsuli sinambi nangis seseg. Kangmas mlayu ninggalke kabeh. nalika iku uga kangmas mlayu ninggalake wong ing kono kabeh. Aku ngoyak nanging digondheli bapak.
"Wis, Ja! Ora apa-apa." Bapak ngadhemake atiku.
"Boten, Pak. Kula kepengin sareng Mas Tugi, Kula kepengin akur, boten langkung saking menika."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar