Sabtu, 12 Desember 2015

TULADHA GEGURITAN


            KONDURE KANGMAS
              Dening : Zaenal Awaludin

Kadhodhog lawang mburi
Dakbukak byak
Kaya-kaya beldheg teka ing katiga
Iki nyata apa impi?
Sliramu kondur nyunggi eseman
Pitung warsa kangmas ora kondur
Rasa tentrem rinengkuh ing astamu
Engga wektu jumangkah mlaku
Daktantang daktanting yen ora nemoni ibu
Kangmas,
Aja lunga saka urip kulawargaku
Kae sawangen
Rama ibu tansah seneng nyawang esemu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar