GEGURITAN
Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes lan endah. Geguritan asale saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Dene geguritan ing kene, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:
- Cacahing gatrane ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
- Saben-saben sagatrane guru wilangan lan guru lagu padha wae, runtut mawa purwakanthi guru swara.
- Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhern, amarga ora kaiket ing aturan kayadene tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudake karya kang sipate pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijine beda-beda. Angen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepake panganggit. Kanthi mengkono, geguritan iku basané katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyane. Geguritan iku duweni nilai- nilai utawa amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasakake dhisik. marafrasakake geguritan iku ateges nganalisis utawa ngudari ukara- ukara geguritan iku supaya maksude bisa katangkep. Geguritan iku kawujud saka tema, pamilihane tembung uga nganggo sarana retorika lan majas. Sarana retorika lan majas paedahe kanggo gawe geguritan iku endah lan enak kawaca.
- Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
- Menthes yaiku tembunge duwe makna kang jero.
- Endah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
- Tembungane pilihan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar