Selasa, 29 Desember 2015

TULADHA CERKAK

DURJANA KINGKIN
Dening : Zaenal Awaludin

               Ing jaman Majapait ana tembung ma lima kang kudu didohi dening kabeh manungsa, yaiku madat, mabuk, madon, mateni, lan main. Nanging, ora kabeh manungsa bisa ngedohi larangan iku. Kaya ta kang dilakoni dening Sardi, salah siji bujang saka Magelang. Pagaweyan saben dinane mangan barang-barang kang diharamake. Dheweke uga seneng madon lan main. Kulawargane wis ora gelem ngopeni maneh merga tumindake kang ngisin-isini lan nggegirisi. Tumindake iku kerep gawe sangsarane liyan. Apa wae duwene wong liya dijupuk kang dikira prelu kanggo uripe. Mula, dheweke uga kerep ditundhung saka dhusun. Nanging, saben-saben ditundhung mesthi wae mamerake kadigdayane. Dadi akeh warga kang uga wedi nglanggati. Sardi dadi geng ing papan kono. Malah ing Magelang dheweke wis misuwur kadurjanane. Dheweke kerep dadi buron pulisi merga sawise metu saka pakunjaran mbaleni tumindak alane.
               Kaya padatane, saben wengi Sardi kumpul bareng kanca-kancane kang tumindake ora adoh saka dheweke. Ing kono pagaweyane padha mendem lan main. Yen bandhane wis entek, pagaweyan nyolong dilakoni. Asile, ora liya maneh kanggo modhal mendem lan main maneh. Sawijining dina, Sardi nyolong tv ing omahe Pak Kasbun. Kaya ora duwe dosa dheweke kepenak wae anggone nyolong. Tumindake kuwi konangan, nanging dheweke malah ngancem yen nganthi dilapurake marang pulisi, Pak Kasbun lan kulawargane bakal dipateni. Merga wis lara ati lan ora trima bandhane dicolong, Pak Kasbun mung bisa sambat marang tangga-tangga. Kalebu wong tuwane Sardi, yaiku Pak Kamto lan Bu Minem. Wong tuwane Sardi ora bisa apa-apa maneh kajaba mung njaluk apura. Dheweke ora bisa mbalekake barang-barang sing wis dicolong dening Sardi, merga Pak Kamto lan Bu Minem wis ora kuwawa maneh paring pitutur.
               “Pak Kamto, iki kepriye anakmu wingi nyolong tv ing omahku? Sardi uga bakal mateni aku lan kulawargaku yen aku nglapurake marang pulisi. Sardi kuwi anakmu, dadi aku arep njaluk balen barang-barang sing wis dicolong marang kowe.” Sambate Pak Kasbun marang Pak Kamto merga wis rumangsa kelangan bandha asil saka polahe Sardi.
               “Lho, kok nagih marang aku, ta, Pak? Tumindake Sardi ya kareben dheweke sing nyauri. Sanajan anaku, nanging aku wis ora saguh ngopeni maneh. Wis ora kuwawa maneh anggonku paring pitutur supaya bisa tumindak becik.” Wangsulane Pak Kamto kang dipaesi rasa isin.
               “Kok kaya mangkono, ta? Apa kowe ora bisa ndhidhik anakmu maneh? Paling duwe anak siji wae ora bisa ngopeni. Kae, sawangen tangga liyane sing nasibe padha karo aku. Apa kowe ora mikir kanggo nundhung anakmu wae saka papan kene? Kareben masyarakat kene iki padha urip ayem tentrem tanpa durjana kang mung bisa gawe sangsarane liyan.”
               Krungu ukara kang pungkasan iku Pak Kamto ora mangsuli. Dheweke mlebu omah sinambi sumbar nutup lawang. Ing njero omah Pak Kamto nangis seseg sambat marang bojone. Rasane isin banget nganthi ana tangga kang sambat kaya mangkono. Kulawargane wis sayah nampa sriwang-sriwing warta ala saka tangga.
               “Bu, sejatine lupute dhewe iki apa marang Gusti? duwe anak siji wae polatane kaya mangkono. Aku isin. Aku isin rumangsa ora bisa ngopeni anak. Sanajan sejatine wis ora sudi ngopeni bocah siji kae. Kepriye yen wis kaya mangkene, Bu? Pancen aku wis wegah ngopeni, nanging arep kepriye maneh Sardi iku anake dhewe.” Pak Kamto sambat marang Bu Minem.
               “Wis, Pak! Saka pamawasku, dakkira dhewe ora luput anggone momong anak. Mung anake dhewe wae sing ora duwe pikiran. Nanging, aja nganthi kebacut anggone sampeyan kingkin kaya mangkono. Sampeyan kudu pitaya, ing dunya iki ora salawase awan lan ora salawase wengi. Muga-muga Gusti bisa paring padhanging pikir marang anake dhewe.” Wangsulane Bu Minem tansah ngadhem-adhemake atine Pak Kamto.
               “Iya, Bu. Panjaluku uga kaya mangkono. Muga bisa kasembadan.”
               Nalika lagi main karo kancane ing kidul dhusun, Sardi nyawang Miyah, kenya kenes kang arep mangkat menyang sawah. Miyah iku anake Pak Kasbun. Dheweke ketung pethel anggone nyambut gawe. Mripate Sardi ora kemedhep anggone nyawang Miyah. Parman, kanca maine Sardi nggetak nyawang kadadeyan iku.
               “He! Kowe nyawang Miyah kok ora kemedhep kaya mangkono. Yen kowe kepencut enggal tembungana marang wong tuwane. Bujang kok ora wani nembung.”
               “Asu, lambemu kuwi dijaga. Ora ana basane yen aku kepencut marang anake wong sing dakcolong bandhane.” Wangsulane Sardi karo nempiling sirahe Parman.
               “Alah ora susah diumpetake. Yen pancen tresna ora bakal nyawang apa wae kang malangi.”
               “Wis, ora susah cangkeman wae! Ayo main maneh!” Sardi mangsuli kaya mangkono kanggo nutupi rasa kang sejatine pancen kaya ana rasa tresna marang Miyah.
               Wektu jumangkah mlaku, Sardi wis ora kuwawa maneh mekek rasa tresna marang Miyah. Rina wengi mung mikir dheweke. Jroning batin Sardi bakal mari anggone tumindak culika yen bisa nyuwitani kenya siji kuwi. Nalika Miyah menyang sawah, Sardi ngetutake saka mburine. Banget kagete nalika Miyah malik awak lan takon marang sardi kena apa kok ngetutake. Sardi gugup anggone mangsuli, kaya ana pager wesi ing njero gulu sing mepalangi omongane. Nanging, eseme Miyah kaya-kaya deresing ilen banyu sing bisa njebolke pager wesi iku. Ing kono ora bisa diumpetake maneh sejatine rasa tresna kang ana. Sardi ora bisa nggambarake yen rasa tresna iku mung bakal entuk piwales kang nglarani ati. Dheweke ngrumangsani tumindak alane ora bakal bisa njalari rasa trenane Miyah. Nanging, ora kaya kang dipikirake. Miyah ora pilah-pilih wong lanang. Sapa sing bisa ngayomi iku bakal bisa dadi sesandhingane. Dheweke gelem karo Sardi, nanging kudu bisa mbenahi tumindake. Kang dadi prakara, apa wong tuwane Miyah sing wis dilarani atine bisa nampa Sardi?
               Rawe-rawe rantas malang-malang putung. Mung ukara iku kang ngukuhi atine Sardi anggone ngoyak rasa tresna marang Miyah. Ora preduli wong tuwane ora bakal paring pangestu. Bakune, Sardi kudu bisa ndadekake Miyah minangka sesandhingan uripe. Miyah pancen wis bisa tresna marang Sardi. Dheweke uga wis biyasa diantar-jemput anggone nyambut gawe. Akeh tangga sing padha rasan marang Pak Kamto, apa anak kenese kuwi lila didadekake sesandhingan uripe Sardi, durjana kang mung bisa gawe sangsarane liyan. Mesthi wae kulawargane Pak Kamto ora nyetujoni. Ora sudi yen anake bakal sesandhingan karo durjana.
               Atine bujang pancen kukuh ing babagan katresnan. Sardi wis ora mikir bakal dipangestoni apa ora. Bakune dheweke bisa sesandhingan karo Miyah. Cara apa wae bakal dilakoni. Nanging, takdhir pancen ora bisa diendhani. Nalika wong loro iku arep jalan-jalan menyang alun-alun, Gusti wis ngersakake liya. Motor sing ditumpaki nyrempet mobil sedan. Miyah kontal tekan sebrang dalan. Dene Sardi tiba klarak motore. Awake Miyah kebak getih merga tatu ing sakujur awak. Dheweke dipundhut dening Gusti. Wong-wong padha ngrubung nyekseni. Sardi ora bisa nggambarake lan ngumbarake rasa kingkine.
               “Miyah! Miyah! Miyaaaaah! Aja tinggalke aku, Ndhuk!” Sardi jejeritan karo nangis.
               “Dhuh Gusti, ingkang lepatipun kathah menika kula, sanes Miyah. Kenging menapa panjenengan boten mundhut kula kemawo, Gusti? Sapa..... sapa maneh kang bisa dadi sesandhingan uripku? Kenya sing daktresnani dipundhut dening Gusti. Kulawargaku wis ora sudi maneh ngopeni aku.”

               Rasa kingkin tetep bisa tumemplok marang sapa wae. Kingkin, kingkin, lan kingkin dirasakake dening Sardi, priya durjana kang pagaweyane mung bisa gawe sangsarane liyan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar