Selasa, 29 Desember 2015

TULADHA GEGURITAN


     LAWANG TOBAT
                     Dening : Zaenal Awaludin

Sujud ing wengi kang sepi
Lubering luh netra kang amili
Eling awak kang diregedi
Dening dosa kang njalari
Laku ala sasuwene urip iki
Sakuku becik tan bisa nutupi
Gedhene kaluputan awak iki
Amung bisa minuwun marang Gusti
Muga bisa paring pangaksami



Tidak ada komentar:

Posting Komentar