Selasa, 29 Desember 2015

TULADHA GEGURITAN


                       NGENDIKANE BUYUT
                       Dening : Zaenal Awaludin

Ngendikane buyut dhisik
Dhusun iki gemah ripah loh jinawi
Subur makmur kang sarwa tinandur
Katon reja kaya kang cinrita
Nanging apa isih bener ngendikane buyut?
Kahanan saiki sajak wis owah
Akeh wong sambat rasa
Merga lemah padha nela
Tanduran padha garing

Saiki among kari crita lapa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar