Sabtu, 12 Desember 2015

TULADHA GEGURITAN

                     WUKIR SINDARA
                          Dening : Zaenal Awaludin

Jejeg dhuwur dinelok netra
Tan tinandhing dening wukir kang liya
Teh kang ngebaki wana
Kewan wanan kang sumaba
Tansah seneng anggone mara
Nanging, tangis uluh geni kang tumeka
Sinebul angin lan panasing surya
Rumambat tangismu dadi amba
Wit lan kewan padha lunga
Marga pati kang methuk menyang nirwana
Wit ijo dadi ireng kaya gaok tuwa
Tangis genimu kang dadi sangsara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar