LIMPAT
SEJATI
Limpat minangka harmani
janma
Panyandhang limpat aweh harjita mring sasama
Janma kamsirah iku agawe kapiluyuning liyan
Limpat sejati iku tan kaunggar
Kawijil saka katiyam
Tan ngereyoh yen ngemban ayahan
Nanjani lan pradhah ing kapandhegan
Budi kudu jatmika, mardawa, lan mahardika
Tan lenyoh ing kandha
Mahatma, tetulung marang janma kang kapralina
Ngedohi tumindak durjana, tan ngengusudi wong tuwa
Samun bisa kaprayoga, pikirane saokah
Tan nglalekake kang dadi sarak
Saen, tlaten, teberen, lan unen kang dadi sipat
Turta kebak rasa marma
Limpat sejati dadi musthikaning madyantara
Kang mrabaswara sadawaning mangsa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar