Rabu, 25 Mei 2016

TOLEH GITHOKMU

Iler tumetes saka lathimu
Nyawang dhampar kang kawistara kencana
Jinajaran harjanti kang hartati ngantheni Sang Mahahadyan
Tan kedhep mereming netramu
Tangi!
Aja kaduk epimu
Ngglongsor ing karpet babut wae kangelan,
njangka turu ing empuking papreman
Pengin nggayuh endah kelap-keliping lintang
Toleh githokmu dhisik, Ngger!
Lulangmu kuwi atos debog
Amung bandan kang sudra
Ana dina tanpa upa,
ngarep-arep dadi balin, apa malah hirma?
Pancen balento!
Gardajitamu kedhuwuren, Ngger
Aja gundam-gundam babagan hardamu kang nggadang handana warih
Hartikamu jero tapak meri
Wis, aja bacutke impenmu
Pikulen wae embat ing pundhakmu

Aja nylandri nggadang astama

Semarang, 25 Mei 2016

Tidak ada komentar:

Posting Komentar