Rabu, 25 Mei 2016

ABSTRAK

TRADHISI SURAN ING DHUSUN WRINGIN, WONOSOBO
MINANGKA TOLAK BALAK
Wonosobo wis misuwur papan wisata lan kabudayane. Semono uga ing Dhusun Wringin, Desa Tlogodalem, Kecamatan Kertek, Kabupaten Wonosobo kang nduweni tradhisi rutin, yaiku Suran. Tradhisi iki dilakoni saben malem tanggal 1 Wulan Sura. Miturut crita masyarakat, wengi iku dianggep angker utawa werid, awit diprecaya kang baureksa njaluk tumbal. Mula, kanggo nyegah babagan iku kudu nganakake slametan ing wengi iku. Acara kasebut dianakake ing plataran pepundhen, Mbah Kyai Bramasari kang mapan ing iring kulon Tlaga Dalem. Sadurunge kawiwitan kudu nganakake Gambus lan Bengilun luwih dhisik, merga iku minangka srana sesambungan marang arwah-arwah pepundhen. Nanging, ora lumrah yen acara kasebut ora ana ubarampe awujud sajen. Sajen-sajen kasebut yaiku tumpeng, ingkung, ambeng, giling, marseba, bubur abang putih, rakan pasa, banyu wening saka tuk tlaga, kembang setaman pitung werna, lan kemenyan. Nyamaptakake sajen ateges supaya awake dhewe bisa diajeni lan ngajeni wong liya.

NAMA                : ZAENAL AWALUDIN
NIM                    : 2601414059
JURUSAN            : BAHASA DAN SASTRA JAWA
NO. HP               : 085729815971



A.     PENDAHULUAN

                         I.     LATAR BELAKANG
            Saperangan dhusun ing Wonosobo nduweni tradhisi dhewe-dhewe. Babagan iku kang nambahi sugihe Wonosobo ing kabudayan. Sejatine, tradhisi Suran ing Wringin padha karo ing dhusun liyane. Kang mbedakake yaiku anane arak-arakan mubengi desa lan Gambus utawa Bengilun. Kaseniyan loro iku padha-padha nduweni teges minangka panuntun urip ing dunya lan akhirat. Tegese, para masyarakat kareben tansah eling lan manembah mring Gusti. Saliyane iku, saperangan sajen kang kudu disamaptakake uga ana kang beda karo dhaerah-dhaerah liyane. Sejatine, sajen kasebut padha karo nalika jaman kuna, nanging wektu-wektu iki tau ana kang beda. Miturut crita masyarakat sajen kang disamaptakake kudu padha karo kekarepane pepundhen. Babagan iki banget apike kanggo ditliti sejatine kaya apa.
            Babagan kang nrenyuhake yaiku yen para mudha wis ora preduli maneh karo kabudayane dhewe, nanging malah nguri-uri budaya kulon. Padhahal, kuwate bangsa ora mung gumantung saka ekonomi kang apik, nanging uga gumantung saka kabudayane kang tetep lestari. Dadi, ora ana alesan maneh yen isin nguri-uri kabudayane dhewe minangka srana nguwati bangsa iki.

                         II.            RUMUSAN MASALAH
            Bisa ngreteni isi kabudayan utawa tradhisi kanthi cara nliti supaya ngasilake babagan ilmiyah iku upaya kang bener lan pas. Saiki akeh kang ngira yen Jawa biyasane ana gandheng cenenge karo bab mistis. Apa babagan iku bisa dibuktekake yen Jawa ora mesthi mistis?
            Para mudha wis akeh kang ora preduli marang kabudayan lan tradhisine dhewe, merga dianggep kuna lan ora njamani. Apamaneh budaya kulon kang dianggep gaul. Babagan kang mistis miturut dheweke dianggep omong kosong. Nanging, yen bab mistis bisa dibuktekake kanthi pengamalan urip padinan lan bisa ditrima akal sehat, apa dheweke isih tetep nguri-uri budaya kulon?

                       III.            LANDASAN TEORI
            Antarane budaya lan tradhisi yen disawang satleraman pancen kaya padha. Nanging, sejatine beda. Budaya kang ana ing Indonesia mrabawani banget marang ngrembakaning jaman lan owahe kahanan alam kang ana ing Indonesia. Babagan iku jumbuh karo pratelan pakar saka Indonesia, yaiku Ki Hajar Dewantara, kang mratelakake yen budaya yaiku kasil perjuwangan masyarakat marang alam lan jaman kang mbuktekake kamakmuran lan kajayane urip masyarakat anggone ngadhepi babagan kang angel kanggo tumuju mring kamakmuran, kaslametan, lan kabagyan uripe. Wondene miturut Koentjaraningrat, budaya iku salah sijine sistem pikiran lan rasa, laku, sarta karya kang dikasilake dening manungsa anggone nglakoni panguripan ing masyarakat, kang didadekake duwene kanthi sinau. E.B. Taylor uga mratelakake, budaya yaiku minangka sekabehane kang jangkep kalebu kapitayan, kasusilan, seni, adat istiadat, ukum, kasaguhan lan kabiyasaan liyane kang kerep disinaoni dening manungsa minangka bageyan saka masyarakat. Dudutane, yen buaya yaiku kasil cipta, rasa, lan karsa manungsa kang kalebu kapitayan, kasusilan, seni, adat-istiadat, ukum, lan  kasaguhan liyane ing panguripane minangka srana kanggo kamakmurane.
            Miturut wikipedia, tradisi kajupuk saka tembung “traditio”, tegese diterusake utawa kabiyasaan, ing teges kang paling ringkes yaiku babagan kang wis dilakoni wiwit jaman biyen lan dadi bageyan saka panguripan klompok masyarakat, biyasane saka salah siji nagara, kabudayan, wektu, utawa agama sing padha. Babagan kang paling dhasar saka tradhisi yaiku anane pawarta kang diterusake saka generasi marang generasi sabanjure kang ditulis utawa lisan, merga yen oara ana iki, tradhisi bakal punah utawa ilang. Miturut Siti Nur Aryani ing karyane, “OposisiPasca Tradisi”, tradhisi yaiku prodhuk sosial lan kasil saka tarung sosial politik kang gayud marang manungsa. Utawa bisa disebutake yen tradhisi iku samubarang kang turun tumurun, kang kadadeyan sesambungan antarane klan siji lan sijine, lan ing sajrone klan iku nggandheng dadi kabiyasaan. Saka pratelan-pratelan kasebut mratelakake yen tradhisi yaiku samubarang kang awujud adat, kapitayan, lan kabiyasaan. Banjur turun tumurun marang generasi siji lan sabanjure.
            Saka pratelan ing ndhuwur bisa dibuktekake antarane budaya lan tradhisi sejatine beda. Budaya minangka samubarang kang gayud marang akal utawa laku manungsa lan pikiran sarta karya fisik kanggo saklompok manungsa. Dene tradhisi yaiku samubarang kang wis dilakoni iwit jaman biyen dadi bageyan saka panguripan klompok masyarakat, biyasane saka salah siji nagara, kabudayan, wektu, lan agama kang padha lan dilakoni kanthi turun tumurun.



B.      METODE PENELITIAN
            Metode kang dilakoni ing panlitiyan iki yaiku kanthi cara wawancara saka pirang-pirang pihak. Pihak-pihak kasebut yaiku kepala dhusun (Pak Misno), sesepuh dhusun (Pak Sabarno), masyarakat biyasa, lan ulama (Pak Fardhon). Saka pihak-pihak kasebut aweh wangsulan kang padha lan uga ana kang beda. Gumantung saka sumbere. Antarane Kadhus, sesepuh dhusun, lan ulama sejatine aweh wangsulan kang padha. Dene masyarakat biyasa aweh wangsulan sacukupe, gumantung apa sing dingreteni. Istimewane, Pak Fardhon kang dudu asli saka Dhusun Wringin bisa aweh wangsulan kanthi cara ilmu kemakrifatan. Dene Pak Kadhus lan sesepuh dhusun entuk pawarta saka almarhum Mbah cakra Pawira.


C.   HASIL DAN PEMBAHASAN
            Saka metode kasebut bisa entuk saperangan kasil sing narik kawigaten. Mligine ing Tradhisi Suran iki. Kasil-kasil iku bisa disebutake yen babagan mistis ora mung omong kosong. Ing ngarep wis disebutake yen Suran iku Tradhisi rutin ing Wringin. Tujuwane yaiku minangka tolak balak. Tradhisi iki diwiwiti kanthi arak-arakan kang dipandhegani dening Pak Misno, nggawa banyu isi kembang setaman. Ing burine, prangkat saha sesepuh dhusun ngetutake nggawa sajen liyane. Arak-arakan iki dikantheni musik gambus, yaiku saka terbang 4 lan jidhir 1. Mlakune ngupengi dhusun tumuju ing tlaga. Nanging, sadurunge tekan tlaga kudu nganakake rituwal ing pasareyane Mbah Kyai Dalem luwih dhisik, kang diprecaya minangka pambubak dhusun. Mbah Kyai Dalem uga diprecaya kang nggawe Telaga Dalem, kanthi ngosek-osek sukune, nganthi metu banyu kang saiki dadi tlaga awujud tungkak sikil. Banyu ing tlaga iku dianggep suci . banyune ora gelem asad, sanajan mangsa katiga. Padhahal, banyu iku mili tanpa pangaling-aling lan kanggo kabutuhan urip masyarakat saben dina.Sawise rituwal ing kono rampung, lagi wae diterusake aneng tlaga. Kang luwih narik kawigaten, anggone madhangi dalan nganggo obor. Ngendikane Pak Misno, dalan kang dipadhangi obor nduweni teges, ati bakal luwih krasa padhang yen gelem nglakoni tirakat dhewe. Sawise tekan plataran pepundhen, sadurunge slametan Suran dilakoni kudu nganakake Gambus lan Bengilun luwih dhisik. Ing ngisor iki gambar Tlaga Dalem :
Foto-0592.jpg Foto-0591.jpg
            Gambus lan Bengilun kudu ditampilake sadurunge rituwal dilakoni. Pak Kadhus, sesepuh, lan prangkat pamrentahan dhusun nganakake tahlilan ing njero cungkup (pasareyan kang digawe kaya omahan). Liyane nampilake Gambus lan Bengilun ing plataran pasareyan. Ngendikane Pak Sabarno, alesan dianakake Gambus lan Bengilun minangka srana sesambungan karo arwah leluhur utawa pepundhen. Kaya-kaya babagan iki ora bisa ditrima akal sehat kanggo wong sing durung ngreti nyatane. Sesambungan kasebut liwat wong utawa pambeksa sing ndadi utawa klebon. Cara iki uga bisa disebut mediasi. Biyasane para leluhur wekas apa kang kudu dilakoni dening masyarakat wringin. Sing diarani tumbal ora mesthi ngurbanke manungsa. Dheweke mesthi nuduhake babagan liya minangka gantine. Tuladhane, watara 2013 ana pawarta saka pepundhen yen arep ana bebaya kang teka. Kanggo nyegah kudu nyamaptakake ingkung kucing ireng. Ora liya babagan iku kanggo uripe masyarakat kang luwih becik. Nanging saiki wis ora ana maneh babagan kang kaya mangkono. Kang pungkasan, ing wulan Sura 2015 M iki pepundhen namung wekas yen bocah-bocah balita kudu nganggo lawe wenang kang digubetake ing bangkekane. Saliyane iku, nile-nile kang ana ing tembang Gambus lan Bengilun ngemu tuntunan urip ing dunya lan akhirat. Jogetan kang semu bela diri iki dikarepake kareben ora wedi marang sapa wae kajaba marng Gusti. Pak Fardhon, minangka ulama, ngendika anggone tumuju mring dalaning Pangeran pancen diprelokake kaendahan, kaya ta Gambus lan Bengilun iki. Merga, metode iku luwih gampang dilakoni lan ditampa masyarakat kareben bisa luwih cepet nduweni agama, utamane agama islam. Ing ngisor iki gambar para mudha lan bocah-bocah njoged Gambus :
Gambar arak-arakan tumuju tlaga :
            Ing acara slametan Suran iki diprelokake sajen kang ora kena ditinggalake sanajan mung siji. Sajen-sajen kasebut yaiku tumpeng, ingkung, ambeng, giling, merseba, bubur merah putih, rakan pasar, banyu wening saka tuk Tlaga Dalem, kembang setaman pitung werna, lan kemenyan. Ngendikane Pak Sabarno, sajen kasebut nduweni teges dhewe-dhewe. Andharane kaya mangkene :
Ø  Tumpeng, sega kang digawe kaya gunung lancip ing ndhuwure nduweni teges “tumuju mring mergining pengeran”. Diumpamakake wong-wong kang ana ing papan kang luwih dhuwur (manunggaling kawula Gusti) mula drajate luwih dhuwur. Tegese, kareben masyarakat Wringin tansah ngibadah lan eling marang Pengeran kanggo mundhakake drajate. Ing ngisor iki gambar tumpeng :
20150515_203316.jpg 20150515_203645.jpg
Ø  Ingkung, yaiku pitik wutuh digodhog dicampur bumbu-bumbu tertamtu diumpamakake bayi kang durung lair. Tegese, bayi iku isih suci. Dadi, dikarepake kareben masyarakat mulih marang fitrah utawa kasucene. Ingkung uga pralambang pasrah mring Gusti. ing ngisor iki gambar ingkung :
7.jpg 8.jpg
Ø  Ambeng, sega kang dibentuk saka mangkok lan awujud setengah bunder cacah lima. Lima nggambarake rukun islam. Pancen, masyarakat Wringin akeh-akehe ngrangkul agama islam. Ing ngisor iki gambar ambeng :
9.jpg
Ø  Giling, yaiku sega kang kaya ambeng, nanging luwih cilik. Giling iku ana 2 jinis lan kudu diselehake ing papan kang beda. Siji, giling cacahe padha karo jenjem utawa watek dina lan pasaran. Tuladhane ana slametan kang dilakoni ing Minggu Legi. Minggu nduweni watek 5 lan legi nduweni watek 5, mula jenjeme cacah 10. Kaping loro, giling cacah 4 lan diselehake ngupengi merseba. Ing ngisor iki gambar giling :
Ø  Merseba, awujud kaya tumpeng, nanging luwih cilik. Merseba diselehake ing tengah lan dikupengi giling cacah 4. Iku mujudake “sedulur papat, lima pancer, kakang kawah, adhi ari-ari”. Ing ngisor iki gambar merseba :
 20150515_205841.jpg
Ø  Bubur abang putih, mujudake ngrungkebi mring bumi pertiwi. Ing ngisor iki gambar bubur abang putih :
bubur merah putih.jpg
Ø  Rakan pasar, yaiku woh-wohan lan jajanan saka pasar. Rakan kajupuk saka tembung “rak” utawa ubarampe kanggo nyinggahake abrak-abrak. Tegese, supaya masyarakat bisa dadi papan kanggo nata ati lan pikiran. Ing ngisor iki gambar rakan pasar :
Ø  Banyu wening, nduweni teges kareben masyarakat bisa mikir lan nduwe pangrasa kang wening. Bisa ngrampungi prakara tanpa nekakake prakara liya. Ing ngisor iki gambar banyu wening saka tuk Tlaga Dalem :
Ø  Kembang setaman pitung werna, nduweni teges kareben masyarakat bisa dadi pituwah, pituduh, pitungkas, lan pitulungan. Ing ngisor iki gambar kembang setaman :
kembang setaman.jpg
Ø  Kemenyan, mujudake atine manungsa sing atos. Kemenyan iki diobong sadurunge rituwal dilakoni. Tegese, ati manungsa diobong kanthi tirakat  kareben dadi alus kaya kukus obongan kemenyan kasebut. Ing ngisor iki gambar kemenyan kang diobong :
kemenyan.jpg

Saka sajen-sajen ing ndhuwur, bisa dijupuk dudutan yen samubarang kang dilakoni dening wong Jawa nduweni teges lan bisa ditampa akal sehat. Jawa ora namung kebak babagan mistis. Kabeh teges mau bakal ngaterake awake dhewe ing dalan kang padhang lan bisa migunani marang pepadha.
            Kanthi dibuktekake babagan mistis ing ndhuwur, banget pentinge kanggo ngrewangi para mudha ing Wringin kareben tetep nglestarekake tradhisi kasebut. Kawiwitan saka gladhen Gambus, sithik baka sithik Pak Kadhus lan Pak Diyarno minangka ketuwa Gambus aweh panyuluh marang para mudha ing Wringin. Gambus ora mung ngemu kaendahan, nanging uga ana tuntunan kang wigati. Luwih-luwih Tradhisi Suran kang dianggep minangka tolak balak. Ora namung paninggalane prodhuk nenek moyang, nanging uga pralambang kasugihane Dhusun Wringin kang ora bisa tinuku mawa dhuwit lan regane ora winates. Tekan saiki, para mudha lan bocah-bocah saumuran Sekolah Dasar wis melu nglestarekake tradhisi iki.
            Ngendikane Pak Misno, balak utawa bebaya sing dimaksud sejatine ora mung awujud banjir, gunung njeblug, paceklik, lan bencana liyane, nanging, bebaya sing dikwatirake yaiku saka kahanan masyarakate. Rusake watek masyarakat bakal nyababake rusak sakabehane. Alam ora bakal bisa dadi kanca yen manungsa ora bisa njagani. Tujuwan utama saka Suran iki yaiku kareben masyarakat tansah diayomi dening Gusti saka bebaya utawa balak kang teka.



D.       PENUTUP
            Tradhisi yaiku samubarang kang turun tumurun, kang kadadeyan saka sesambungan antarane klan siji lan liyane, banjur dadi kabiyasaan-kabiyasaan siji lan sijine kang ana ing klan lan nyawiji dadi siji kabiyasaan. Suran yaiku tradhisi prodhuk nenek moyang kang kudu dilestarekake. Ing ngarep wis disebutake yen sejatine Jawa ora mung ngemu babagan mistis. Yen dikaji lan disinaoni kanthi jero, ana nile kang banget  wigati diamalake utawa dicakake ing urip padinan. Seni panyengkuyung dianakake Suran kang diarani Gambus lan Bengilun, ora mung ngemu kaendahan. Pitutur-pitutur ing njerone yaiku tuntunan kareben tansah manembah mring Gusti. babagan iki mbuktekake banget pintere nenek moyange dhewe anggone nyipta tuntunan urip kanthi endah. Ora ana alesan maneh yen ora nglestarekake tradhisine dhewe. Jawa sing dianggep kebak babagan mistis, nyatane bisa mbuktekake kanthi ilmiyah lan ditampa akal sehat saka teges-teges utawa filosofi kanthi pralambang tertamtu. Tuwa mudha ora ana bedane, kabeh kudu nglestarekake prodhuk budaya nenek moyang minangka pratandha kasugihane dhewe kang ora ketung ing rega.



DAFTAR PUSTAKA

Artikelsiana. 2014 . Pengertian Seni Budaya Secara Umum & Arti Menurut Para Ahli. http://www.PengertianSeni-Budaya-Secara-Umum-Art-Menurut-para-Ahli-Artikelsiana.htmlDiakses 29 November 2015.

Koentjaraningrat. 1994. Kebudyaan Mentalitas dan Pembangunan. Jakarta : Gramedia.

Seputar Pengetahuan. 2015. Pengertian Menurut Para Ahli Lengkap.  http://www.Pengertian-Budaya-Menurut-Para-Ahli-. Diakses 28 November 2015.

Wikipedia. 2015. Tradisi. http://www.Tradisi-Wikipedia-bahasaIndonesia,ensiklopedia-bebas.html. Diakses 29 November 2015.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar