Tembang yaiku susastra/sastra, utawa anggitan/karangan kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra (Indonesia: puisi).
Saliyane iku, uga ana kang mratelakake, tembang yaiku reriptan kanthi paugeran tartamtu kang pamacane dilagokake, lan bias diiringi wiramaning gendhing.
Paugerane tembang yaiku :
- Guru lagu/dhong dhing : yaiku tibane swara vokal ing pungkasane gatra.
- Guru wilangan : yaiku cacahe wanda saben sagatra.
- Guru gatra : yaiku cacahe gatra saben sapada.
- Pupuh : yaiku tembang pirang-pirang pada kang isih sajenis.
- Pada : yaiku bait/koplet.
- Wanda : yaiku pakecapan/suku kata.
Tembang Jawa iku ana 3 warna, yaiku :
A. Tembang Gedhe
B. Tembang Tengahan
C. Tembang Macapat
A. Tembang Gedhe
B. Tembang Tengahan
C. Tembang Macapat
TEMBANG GEDHE
A. Tembang gedhe
Tembang gedhe ing zaman saiki iku satemene niru tembang gedhe kuna kang aran kakawin, yaiku kang kaiket wewaton :
– Guru wilangan,
– Guru lagu, yaiku abot enthenging suara utawa dawa cendheking wanda.
Rehning ing jaman saiki umpamane wis padha ora ngerti abot enthenging suara apa dene dawa cendheking wanda, pandhapuking tembang gedhe mung nganggo wewaton :
– Cacahing wanda ing dalem sapada pala/sagatra kang diarani laku.

Tembang gedhe iku sapada ana patang gatra, utawa patang pada pala. Cacahing wanda pada pala siji lan sijine padha. Lire, yen pada pala kapisan 7 wanda, pada pala kapindho, katelu lan kang kaping papat uga mitung wanda. Cacahing wanda saben sapada pala iku diarani laku.
Ing saikine tembang gedhe iku akeh kang kanggo mbawa gendhing utawa kanggo susuluk. Cacahing tembang gedhe luwih akeh katimbang tembang macapat lan tembang tengahan.
Tuladha :
Pethikan saka laying sendhon Langen Swara anggitan dalem Mangkunegaraan IV.
1. Kusumastuti, laku 16 bali 4, kapedhot 8/8 :
Lamunsira kaki, dumadi prajurit,
Den bias tuladha, patih mahespati,
Lelabuhanira, ingkang triparaka,
Guna, kaya, purun, estu yen utama.

2. Citramengen, laku 12 bali kaping 4, kapedhot 16/6 :
Lamunsira kaki, dumadi prajurit,
Den bias tuladha, patih Mahespati,
Lelabuhanira, ingkang tripakara,
Guna, kaya, purun, estu yen utama.
Lamunsira kaki, dumadi prajurit,
Den bias tuladha, patih Mahespati,
Lelabuhanira, ingkang tripakara,
Guna, kaya, purun, estu yen utama.
3. Mintajiwa, laku 16, bali kaping 4 kapedhot 8/8 :
Larashing reh sang nahen kung, ing dyah lan kapandhan ing sih
Kasangsaya ing turida, rudatine angranuhi
Ngrancaka tanag wigena, ginupita ing shari
Rinita prima puspita,pantes patrape kang warni
Larashing reh sang nahen kung, ing dyah lan kapandhan ing sih
Kasangsaya ing turida, rudatine angranuhi
Ngrancaka tanag wigena, ginupita ing shari
Rinita prima puspita,pantes patrape kang warni
4. Pamularsih
5. Maduretna
6. Rarabentrok
5. Maduretna
6. Rarabentrok
TEMBANG TENGAHAN
B. Tembang tengahan
Tembang tengahan iku satemene uga tembang macapat nanging wis popular, wis arang-arang kesrambah, tembang tengahan iku kaiket ing :
– guru wilangan (cacahing wanda ing saben sagatra)
– guru lagu utawa dhong-dhinging swara (swara sing pamungkasane gatra)

Buku kang isi crita nganggo Tembang tengahan iku arane kidung, umpamane : kidung Sundhayana, kidung Ranggalawe, lsp.
Dene kang klebu Tembang tengahan iku :
• Balabak watak sembrana parikena
• Wirangrong watak mrabawani
• Jurudemung watak prenesan
• Girisa
Dene kang klebu Tembang tengahan iku :
• Balabak watak sembrana parikena
• Wirangrong watak mrabawani
• Jurudemung watak prenesan
• Girisa
Tuladha :
1. Jurudemung (7 gatra) : 8a, 8u, 8u, 8a, 8u, 8a, 8u
Niajeng mring gandhok wetan,
Wis pangeh lan rara mendhut,
Alon wijile kang wuwus, hen mendhut pamitanira,
Adhedhasar adol mbungkus,
Wus karta sarta kalian.
Dening jeng kyai Tumenggung
(Pranacitra)
2. Wirangrong (6 gatra) : 8i, 8o, 10u, 6i, 7a, 8a
Andhedulu ing samargi,
Langening enu katongtong,
Surem-surem rising hima naput,
Pak-ampak nglimputi,
Luhurung srinrarendra,
Luhuring srinrarendra,
Prabu harjunawijaya.
(Harjunawijaya)
3. Balabak (6 gatra) : 12i,3e, 12a, 3e, 12a, 3e, 12a, 3e
Para muda tamengeng nusa lan bangsa,
Dadine,
Aneng sira mulya makmuring Negara,
Dununge,
Sira samsya kajibah,
Yektine.

4. Girisa (8 gatra) : 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a
Den bisa nampani padha,
Mungguh samithaning suksma,
Ingkang padha marang sira,
Wineruhken becik ala,
Anygah karepamira,
Kang marang pagawa ala,
Kang tumiba sia-sia,
Yaiku paring hyang Suksma.
(PB IV-Wulangreh)
Den bisa nampani padha,
Mungguh samithaning suksma,
Ingkang padha marang sira,
Wineruhken becik ala,
Anygah karepamira,
Kang marang pagawa ala,
Kang tumiba sia-sia,
Yaiku paring hyang Suksma.
(PB IV-Wulangreh)
TEMBANG MACAPAT
Tembang Macapat iku ana 11. Kayadene tembang tengahan, tembang macapat uga kaiket ing guru lagu lan guru wilangan lan duwe watak dhewe-dhewe.
Mungguh cacahing larike utawa guru gatrane Tembang Macapat iku ora padha.
Paugeran tembang macapat iku :
1. Guru gatra : arane utawa cacahe larik saben sapada
Upama : Maskumambang iku guru gatrane 4
Tegese : saben sapada ana 4 gatra, utawa patang larik
2. Guru wilangan : cacahe wanda saben sagatra (jumlah suku kata tiap baris)
Upama : Maskumambang guru wilangane 12, 6, 8, lan 8
3. Guru lagu : tibane swara ing pungkasan gatra
Upama : Maskumambang dhonh-dhinge i, a, i, a
Tegese : Maskumambang iku sapada pala ana 4 gatra, gatra kapisan ana 12 wanda, dhong-dhinge i, gatra kapindho ana 6 wanda, dhong-dhinge e, gatra katelu ana 8 wanda, dhong-dhinge i, gatra kapapat ana 8 wanda, dhong-dhinge a
Ing ngisor iki pratelane guru gatra, guru wilangan lan guru lagune tembang macapat :

1 Maskumambang 4 12i,6a,8i,8a
2 Pucung 4 12u,6a,8i,12a
3 Gambuh 5 7u,10u,12i,8u, 8o
4 Megatruh 5 12u,8i,8u,8i,8o
5 Mijil 6 10i,6o,10e,10i,6i,6u
6 Kinanthi 6 8u,8i,8a,8i,8a,8i
7 Asmarandana 7 8i,8a,8o,8a,7a,8u,8a
8 Durma 7 12a,7i,6a,7a,8i,5a,7i
9 Pangkur 7 8a,11i,8u,7a,12u,8a,8i
10 Sinom 9 8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a
11 Dhandhanggula 10 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a

- Maskumambang : ngeres, nalangsa, keranta-ranta, kelara-lara. Kanggo medhar rasa pangrasa kang ngeres, keranta-ranta, kelara-lara lan nggregel.
- Pucung : kendho, tanpa greget saut, sembrana parikena, lucu. Kanggo carita sing sajak mung sakepenake, tanpa greget utawa mempeng sembranan.
- Gambuh : nggenah-nggenahake, akrab, rumaket, kulina, keduga, wanuhi. Kanggo suka pitutur kang rada sereng amarga wis keduga lan rumaket banget.
- Megatruh : nglalut, ngeres, timtrim, sedhih, susah-nelangsa, memelas, getun, prihatin.
- Mijil : wedharing rasa, prihatin. Kanggo suka pitutur, uga gegandrungan, medharake bukaning carita utawa mangayu bagya.
- Kinanthi : seneng, tresna, asih, sih-sinisihan. Kanggo medhar piwulang, carita kang ngemu surasa asih tresna, asmara, gandrung-gandrung, pangayu-bagya.
- Asmarandana : grapyak, sengsem, prihatin, sedhih amarga nandhang kasmaran. Kanggo carita kang surasa nawung asmara utawa kanggo medhar rasa asmara (pepisahan)
- Durma : galak, muntab, nesu. Kanggo medhar rasa nesu, muntab, sesorah kang sereng utawa carita perang.
- Pangkur : sereng, gregetan, kejem, nantang Kanggo suka pitutur kang sereng ngemu srengen,
- Sinom : ngresepake, grapyak, sumanak, renyah Kanggosesorah utawa suka pitutur
- Dhandhanggula : ngresepake kewes, luwes, Kanggo apa-apa wae mathuk. Upamane kanggo mula bukaning carita, panutuping anggit (karangan), medhar piwulang, medhar rasa, sengsem, asih tresna, gegandrungan, lsp.
Tuladha Tembang Macapat :
1. Mijil
Ngrasuk busana sang putriDenirasa lolos
Nuli nendhak angandhut patreme
Tininggalan parekan myang cethi
Wus samsya aguling
Lajeng lampahipun
2. Maskumambang
maratani mring anak putu ing wuri
den padha prayitna
aja nokang kumawani
mring biyung tanapi bapa
3. Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung tukas wor lan kisma
Ingkang iga-iga kaeksi
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung tukas wor lan kisma
Ingkang iga-iga kaeksi
4. Sinom
Nuladha laku utama
Tumrape wong tang jawi
Wong agung angkesi ganda
Panembahan senopati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan napsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sesama
Tumrape wong tang jawi
Wong agung angkesi ganda
Panembahan senopati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan napsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sesama
5. Asmaradana
Kocapa kang aneng puri
para garwa para putra
anangis umyung swarane
para estri ing jro pura
nangis kalara-lara
langkung sedhih manahipun
tan wande dadi boyongan
para garwa para putra
anangis umyung swarane
para estri ing jro pura
nangis kalara-lara
langkung sedhih manahipun
tan wande dadi boyongan
6. Gambuh
pitutur bener iku
sayektine apantes tiniru
nadyan metu saking wong sudra teteki
lamun becik wurukipun
iku pantes sira anggo
7. Dhandhanggula
lamun sira anggeguru kaki
amiliha manungsa kang nyata
ingkang becik martabate
sarta kang wruh ing hukum
kang ngibadah lan kang wirangi
sokur oleh wong tapa
ingkang wus anungkul
tan mikir pawewehing lyan
iku pantes sira guranana kaki
sartane kawruhana
8. Durma
ingkang eling iku ngelingana marang
sanak kadang kang lali
den nedya raharja
mangkono tindakira
yen tan nggugu iya uwis
teka menenga
mung aja sok ngrasani
9. Pangkur
mangkono ngelmu kang nyata
sanyatane mung weh reseping ati
bungahing aranan cubluk
sukeng tyas yen den ina
aja kaya si pengung anggung gumunggung
ugungan sadina-dina
aja mangkono wong urip
10. Megatruh
wong ngawula mring ratu luwih pakewuh
nora kena minggrang minggring
kudu mantep karyanipun
setya tuhu marang Gusti
dipunpituurut sapakon
11. Pocung
suka sokur ing Wonosobo puniku
keh papan wisata
kabeh endah lawan asri
tlaga, candhi, grojogan, wukir, lan alas
Tidak ada komentar:
Posting Komentar