Sabtu, 02 Januari 2016

ARANE ANAK WONG

Arane anak, ing tlatah Jawa, bisa diarani saka cacahé anak utawa wektuné lair. Tabèl iki nudhuhaké sebutan-sebutan kuwi mau.
arané anakkatrangan
dhampitanak kembar loro lanang lan wadon
gilir kacanganak akèh selingan lanang-wadon
angganaanak akèh sing urip mung siji
cemanibocah kulité ireng mulus
bulébocah kulité putih mulus
gondhang kasihanak loro séjé pakulitané, ireng lan putih
julung sungsangbocah lairé ngepasi srengéngé pener sirah (awan)
julung kembangbocah lairé mbarengi srengéngé mlethèk
julung sarabbocah lairé ngarepé srengéngé surup
julung caplokbocah lairé mbarengi srengéngé surup
marganabocah lairé ing ndalan
jempinabocah lairé durung wektuné (prematur)
lolabocah sing wis ora nduwé bapa-biyung
pambarepanak nomer siji
pangguluanak nomer loro
pandhadhaanak nomer telu lan seteruse
sumèndhikakang wuragil
wuragil/warujuanak kèri dhéwé (ragil)
ontang-antinganak tunggal, lanang
uger-uger lawanganak loro anang kabèh
cukit dhulitanak telu lanang kabèh
pandhawaanak lima lanang kabèh
untang-untinganak tunggal, wadon
kembang sepasanganak loro wadon kabèh
gotong mayitanak telu wadon kabèh
sarimpianak papat wadon kabèh
pancagati/pandhawianak lima wadon kabèh
kedhana-kedhinianak loro lanang wadon
kedhini kedhanaanak loro wadon lanang
sendhang kapit pancurananak telu, lanang-wadon-lanang
pancuran kapit sendhanganak telu, wadon-lanang-wadon
sapasaranak lima lanang wadon
ipil-ipilanak lima, lanang siji wadon papat
kembaranak loro lanang kabèh utawa wadon kabèh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar