Keris utawi tosan aji utawi curiga punika salah satunggal gaman utawi sanjata tradhisional masyarakat Jawa ugi dados salah satunggal lambang paripurna tiyang jaler sanèsipun turangga, wisma, wanita kaliyan kukila. Curiga utawi keris punika anggadhahi makna jantan, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler) Jawa punika kedah tangguh, sagah ngayomi piyambakipun, kulawarga, saha saged mbela negari.
SEJARAH
Dereng wonten asil panalitèn ingkang kasil nemtokaken kalapunapa tiyang Jawa miwiti mangertosi keris, wonten keris Jawa sampun anggadhahi wujud ingkang sampurna nalika jaman Krajan Majapait. Ing jaman rumiyin, keris punika dados lambang kepangkatan ugi saged dados hadiyah ingkang paling saé utaminipun menawi hadiyah keris saking raja.
MANPANGAT
Jaman sapunika fungsi keris sampun kirang, umumipun namung dados barang kolèksi ugi kanggé parlengkapan adicara-adicara saha ritual adat. Jaman rumiyin sanesipun anggadhahi fungsi sanjata, keris ugi saged kanggé tandha status sosial, jengjang pangkat ugi hadiah. Keris ing jaman rumiyin ugi saged dados lambang paseduluran ingkang dipuntandhai adicara ijol-ijolan keris, malah punika dados simbol paseduluran ingkang paling inggil. Wonten praktekipun ingkang kaanggep klenik, keris dipunanggep jimat kaliyan medhia/griya kanggé lelembut.
RACIKAN
Keris anggadhahi 49 bageyan. Bageyan-bageyan punika anggadhahi bageyan-bageyan malih inggakng langkung detail ingkang wujudipun umumipun ukiran. Ukiran ing bageyan-bageyan keris Jawa anggadhahi makna kaliyan karakter ingkang benten-benten. Sekawan dasa sanga ricikan keris inggih punika:
- Pesi
- Metuk
- Gonjo
- Greneng
- Rondo Nunut
- Buntut Cecak
- Punukan
- Dho
- Ri Pandan (8+9 = Ron Dho)
- Tingil
- Sraweyan
- Bungkul
- Janur
- Sogokan
- Poyuhan
- Pejetan/Blumbangan
- Gandik
- Tikel Alis
- Jenggot
- Sekar Kacang utawi Kembang Kacang
- Jalen
- Lambe Gajah
- Pundak utawi Sumping
- Pudak Sa'tegal Depan
- Pudak Sa'tegal Belakang
- Adha-adha utawi Geger Sapi
- Lis-lisan
- Gusen
- Kruwingan utawi Gulo Milir
- Kruwingan Cucuk Manuk
- Pucukan Mbuntut Tumo
- Pucukan Anggabah Kopong
- Sogokan Sampir utawi Sinebo
- Bawang Sebungkul
- Sekar Kacang Pogok
- Lambe Gajah Rangkep
- Gonjo Wuwung
- Gonjo Kelap Lintah
- Gonjo Wilut
- Kanyut
- Wetengan Gonjo
- Sirah Cecak
- Buntut Cecak Sebit Lontar
- Sirak Cecak Melinjo utawi Nyangkem Kodok
- Buntut Cecak Nguceng Mati
- Gandik Pethuk utawi Laler Mengeng
- Mendhak
- Ukir utawi Deder
- Kinatah emas
WILAH
Wilah utawi pesi menika bageyan utaminipun keris. Bahan kagem wilah menika dipun damel saking macem-macem bahan, nanging ingkang umum saking watu météor, wesi, lan baja. Proses ndamelipun ngagem teknologi lipat, yaiku wesi utawi baja dipunpanasi, ditempa, ditekuk, dipanasi, ditempa, ditekuk ngoten terus ngantos katah lipatanipun. Cacahipun lipatan menika saking 16 lipatan (keris-keris blambangan) ngantos ewonan lipatan (keris Majapahit, Mataram lan sapanunggalanipun). Amargi prosès menika, ndadosaken wilah keris kuat sanget, teknologi menika ugi dipuncakaken wonten industri plywood.
WARANGKA
Warangka inggih punika sarung keris utawi wadhahipun keris. Warangka keris punika kadadosan saking pérangan-pérangan poko, inggih punika pendhok, mendhak, gagang, kaliyan warangka. Miturut jinisipun, warangka keris kaperang dados kalih, inggih punika warangka gayaman kaliyan warangka ladrang. Warangka gayaman punika wujudipun wonten kalih, inggih punika gayaman gaya Yogyakarta kaliyan gayaman gaya Surakarta. Semanten ugi warangka ladrang ugi kapérang dados kalih corak utawi gaya, inggih punika cara Yogyakarta saha cara Surakarta.
HULU
Gaman utawi gagang inggih punika bageyan ingkang dipuncekel, panggenanipun wonten sangandhaping wilah utawi pesi. Manpangatipun inggih punika kagem nyekeli wilah kaliyan kagem dipuncekel nganggé asta. Hulu anggadhahi kathah macem motifipun. Keris Bali wonten ingkang wujudipun kados patung dewa, patung padende, patung raseksa, patung penari, pertapa, alas, ugi wonten ingkah kinatah emas lan watu mulya. Keris Sulawesi nggambaraken manuk liyar, minangka pralambang kangge profesi masyarakat Sulawesi ingkang mujudaken pelaut. Déné peksi mujudaken lambang kaslametan dunya. Kadosta motif mustaka manuk ingkang dipunginakaken ing keris Riau Lingga, lan kanggé panggenan sanesipun minangka pengembangan tosan aji kadosta Acèh, Bangkinang (Riau), Palembang, Sambas, Kutai, Bugis, Luwu, Jawa, Madura, kaliyan Sulu anggadhahi ukiran lan pralambang ingkang benten. Materi ingkang dipunginakaken asalipun saking manéka warna bahan kadosta gadhing, balung, logam, ingkang apling asring dipunginakaken inggih punika kayu. Hulu keris Jawa muturut garis besaripun kapérang dados sirah wingking, liling, cigir, cetek, bathuk, madharan, kaliyan bungkul.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar