Paribasan yaiku unen-unen kang gumathok lan ajeg panganggone sarta nduweni teges wantah.
Tuladha:
a. Arebutan balung tanpa sunsum : padudon sing disebabake barang sepele.
b. Kenes ora ethes : wong wadon sing sugih omong / umuk nanging ora bisa mrantasi gawe.
c. Yitna yuwana lena kena : sing ngati-ati bakal slamet suwalike sing sembrana bakal cilaka.
d. Ciri wanci lelai ginawa mati : Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati.
e. Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak.
f. Becik ketitik ala ketara : Tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni tembe mburine.
g. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan : Sanjan wong liya yen nandhang rekasa bakal dibelani.
h. Entek amek kurang golek : Ngunek-unekake wong sakatoge.
i. Njajah desa milang kori : Lelungan tekan ngendi-ngendij. Kebat kliwat gancang pincang : Tumindak kesusu/grusa-grusu bakal ora kebeneran/gawe rugi.
k. Pupur sadurunge benjut : Ngati-ati sadurunge nemu cilaka.
l. Welas tanpa alis : Karepe ngeman nanging malah gawe kapitunan.
m. Ditulung malah menthung : aweh piwales ala marang wonng kang wis nulungi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar