Rabu, 27 Januari 2016

DUMADOSIPUN KITHA WONOSOBO

Cikal bakal kitha Wonosobo menika dipunwiwiti saking abad-18. wonten tigang pertapa asmanipun Kyai Kolotede,Kyai Karim, lan Kyai Walik ingkang miwiti mbangun desa wonten ing Wonosobo. Kyai Kaladhete wonten ing dhaerah Dieng, Kyai Karim wonten ing dhaerah Kalibeber,lan Kyai Walik wonten ing pusat kitha Wonosobo. Para kyai menika dipunanggep dados cikal bakal kitha Wonosobo . Lajeng rawuh panguawaos Kitha Wonosobo kados Tumenggung Kartawasesa wonten ing selomanik,wonten ing plobangan wonten Tumenggung Wiraduta,lan ugi wayahipun Kyai Karim asmanipun Kyai Singowedana panguaos wonten ing pusat kitha Wonosobo ingkang pikantuk hadiyah saking krajaan Mataram, menika daerah kakuasaan wonten ing daerah Selomerto. Saking abad-17 agama islam sampun melai ngrembaka wonten ing Kitha Wonosobo, dipun wiwiti saking Kyai Asmarasufi, inggih menika wayahipun Ki Waraduta,lan ugi dados cikal bakal wontenipun pesantren ing Wonosobo.
Wonosobo menika salah satunggaling dhaerah pertahanan nalika papranganipun Pangeran Diponegoro tahun 1825-1830. Dhaerah pertahananipun wonten ing Gowong Lodok, Sapuran, Plunjaran, lan dhaerah Kertek. Wonosobo dados papan pertahanan Diponegoro anggenipun prang nglawan Walanda lan ugi tentara Eropa. Selomerto menika dados pusat kekuasaa Wonosobo saderengipun pindhah wonten ing Wnososbo pusat daening Bupati Setjanegara. 
Wonosobo menika saking kalih tembung “wana” lan “saba”. Wana menika gadhah teges sabin lan saba menika mengunjungi. Nama menika adhedhasar dhaerah Wonosobo menika wonten ing pegunungan ingkang kathah hutan, lan hawa wonten ing wonosobo ugi asrep. Wonosobo sampun kathah pikantuk piala ADIPURA amargi papan Wonosobo ingkang strategis. Semboyan kangge Kitha Wonosobo inggih menika “WONOSOBO ASRI (AMAN,SEHAT,RAPI,INDAH)”.

Selasa, 19 Januari 2016

SENGKALAN

Candrasangkala utawa sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Sengkalan punika kedadosan saking tembung saka+kala+an, lajeng mungel sangkalan; wusananipun luluh dados sengkalan. Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masèhi. Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn sing nduwèni teges angkaning taun. Ing jaman biyèn sing kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana sing migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan sing sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengéngé, banjur diarani: “Suryasengkala”.

WERNA-WERNA SENGKALAN

Miturut Wujude 
Miturut wujudé, sengkalan kuwi ana rong werna yakuwi:
  • Suryasengkala; yakuwi sengkalan kanggo nengeri taun surya.
  • Candrasengkala; yakuwi sengkalan kanggo nengeri taun candra.

Miturut Jinise

Miturut jinisé sengkalan dipérang dadi telu, yakuwi:
  • Sengkalan lamba, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung sing prasaja. Tuladha: Buta (5) lima (5) naga (8) siji (1), dadi angkané 5581 lan tegesé taun 1855.
  • Sengkalan miring, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung miring saka watek sengkalan lamba. Tuladha: Lungiding Wasita Ambuka Bawana (1975).
    • Tembung "lungid" maknané "landhep", sing dikarepaké landheping "gaman". Gaman duwé watek 5.
    • Tembung "wasita" maknané "pitutur jati", pitutur iku ana gegayutané karo resi, wiku utawa pandhita sing nduwé watek 7.
    • Tembung "Ambuka", sing dikarepaké "lawang" utawa "gapura" sing nduwé watek 9.
    • Tembung "Bawana", sing dikarepaké "bumi" sing nduwé watek 1.
  • Sengkalan memet, yakuwi sengkalan sing digawé ora nganggo ukra nanging awujud gambar, reca, candhi, gedhong lan sapanunggalané. Tuladha: Dik (buta) gajah tinunggangan jalma, maknané 1785 (buta=5, gajah=8, tinunggangan=7, jalma=1).

TEMBUNG LAN WATEK WANTUNE
1. Tembung sing nduwèni watek 1 yakuwi:
TunggalSijiNyawijiGustiSujanma
JalmaWongSemèdiNabiRupa
MahaIku (tegese: buntut)RatJagadBumi
BawanaSuryaCandraKartikaUrip
WaniPutraTyasKalbuWardaya
RajaRatuNarpadaranijana
janma
2. Tembung sing nduwèni watek 2 yakuwi:
KalihDwiAstaNembahNyembah
NétraCaksuSocaPanduluTingal
PaningalKembarMyatSwiwiPeksi
Paksipaksa (tegese: swiwi)SikaraDresthiKanthi
ApasangSunguTalingan
Karnakarnikuping
drasthidrêsthidrêsthamatalocana
dantauntugadhing
bujalêngêntangan
caranasikilyamaparokêmbar
3. Tembung sing nduwèni watek 3 yakuwi;
TigaTriBahniGeniAgni
UjwalaMurubUrubDahanaPayudhan
YudhaPerangKaya (tegese: awak)KadyaKadi
BentèrKawruhGunaWédhaNaut
TekenPawakaRanangganaBrama
hutikurbansajènjatajwalana
4. Tembung sing nduwèni watek 4 yakuwi:
PapatPatCaturWahanaWarih
DadyaKéblatSuciWeningNadi
ToyaJaladriSamodraTasikSindu
MartaKartaMasuhSegaraGambiralaya
5. Tembung sing nduwèni watek 5 yakuwi;
LimaGangsalPancaPandawaWisik
GatiIndriyaParastraGamanPanah
PusakaLungidLandhepGulingDiyu
DikButaYaksaRaseksaRaseksi
WilGalakTataMarutaBayu
SamiranaAnginMargapawanadanawa
gatagatiharsayabungahsênêng
hrupanahindriyaatikarêp
tata (tatagata)
6. Tembung sing nduwèni watek 6 yakuwi:
NemSadRasaHartatiSarkara
TiktaObahOyagKayuWreksa
PrabatangLindhuMangsaNayaWayang
Ilatrêtutiktapêru
kasayagurihlawanauyahasin
lêgilêngkapaitmasasasi
7. Tembung sing nduwèni watek 7 yakuwi:
PituSaptaPrawataGiriArga
GunungAcalaPandhitaResiWiku
SogataSwaraDwijaWulangMulang
WelingWasitaTunggangTitihanTitih
TuranggaAswaKudaJaranSabdaarditi
biksubiksukahangsa
yati
Muni
8. Tembung sing nduwèni watek 8 yakuwi:
WoluAsthaBasuBasukiSlira
MurtiBujanggaPujanggaManggalaTaksaka
UlaNagaSarpaSawerDwipa
BajulLimanDwipanggaÈsthiGajah
DiradaKunjaraTanuMadya
hastigajajihmagabujaga
murtisariraawakbujaga
9. Tembung sing nduwèni watek 9 yakuwi:
SangaSangNawaDéwaDwara
LawangKoriGapuraLawangWiwara
AmbukaGandhaPuspaKembangKusuma
BedhahMukaRudraGatraMenga
wilaguhaguwabolonganlawang
Mancepgohsapigo
0. Tembung sing nduwèni watek 0 yakuwi:
IlangMusnaSirnaNirMurca
MlethikLangitAkasaWyatTawang
KombulMulukNengaLuhurDuwur
AdohSwargaTanpaTanSwuh
SudaWinduwindutitikcêcêk
rusakdwastalêburbrastha
awang-awangjumantarawidik (widik-widik)

CARANE GAWE SENGKALAN
Yen arep gawe ukara sengkalan:
  • Sepisanan kudu nggoleki tembung luwih dhisik kanggo guru dasanama (persamaan arti kata), tegese tetembung sing darbe tegese padha duwe watak wilangan sing padha. Umpamane : gunung, prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.
  • Kaping loro, guru sastra (persamaan kata), tetembungan sing duwe wujud tukisan sing padha, dianggep duwe wilangan sing padha. Thuladhane : esthi sing tegese gajah. Lan tembung esthi iku, uga mengku teges kekareban kang duwe watak wolu (8).
  • Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan). Tetembungan sing duwe golongan padha dianggep darbe watak wilangan sing pdha, contone : rembulan, srengenge, bumi, kuwi duwe watak wilanagan siji (1).
  • Sing Kaping papat, guru wanda (persamaan suku kata), yakuwi tetembungan sing duwe suku kata utawa unine padha dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku papat (4)
  • Kaping lima, yakuwi migatekake anane guru sarana (persamaan fungsi), yakuwi sarana utawa alat.Watak wilangan dianggep padha karo fungsine (pigunane). Tuladha : lidah (ilat).Sing ngunakake rasa dianggep duwe watak wilangan padha yakuwi enem.
  • Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sifat kerja) yakuwi barang lan kerjane, watak wilangane dianggep padha, umpama mata lan madeng, dianggep darbe watak wilangan padha yakuwi loro (2)
  • Kaping pitu, guru darwa (persamaan sifat), yakuwi sipat salah sawijining barang (benda) dianggep darbe watak lan wilangan sing padha karo panas, dianggep duwe watak wilangan sing padha yakuwi telu (3)
  • Kaping wolu, yakuwi nggoleki guru jarwa persamaan arti utawa sinonim). Tetembungan sing duwe teges makna (arti ) sing padha. Contoné, retu,obah lan horeg, dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku enem (6)

CARA MACA SENGKALAN
Maca sengkalan padha karo maos ukara umume, nanging angka sing kinandhut ing ukara sengkalan mau diwaos saka mburi mengarep utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan Arab. Tegese, angka saka ukara sing keri saka sengkelan mau dadi angka taun sing ngarep dhewe, kosok baline angka sing kinandhut ing tembung sepisan, saka sengkalan Buta Cakil kang unine: Tangan Yaksa satataning Janma (penyempurnaan bentuk wayang) Buta Cakil dhek jaman Sultan Agung.Tangan : 2, Yaksa: 5, Satataning: 5, lan janma:1, dadi diwaca tahun 1552 Jawa utawa taun 16700 Masehi.

Senin, 18 Januari 2016

WANGSALAN

Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan kang saemper cangkriman kang batangane (wangsulane) wis sinandi ing wanda-wandaning tembung-tembung. Wangsalan kaperang dadi 6 yaiku:
1. Wangsalan Padinan
Wangsalan padinan yaiku wangsalan kang digunakake minangka pacelathon ing saben dinane, mula ana sing nganggo nyebutake batangane la nana sing tanpa batangan, amarga wong-wong sing padha krungu/maca wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha:
Njanur gunung, kadingaren gelem mampir!
Wangsalan       : njanur gunung
Batangan         : aren
Tebusan           : kadingaren
Tembung njanur gunung iku arane aren, mula biasa dadi tembung kadingaren.
2. Wangsalan Lamba
Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangane siji.
Tuladha:
Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Widheng galeng, tekamu apa padha rahayu?
Tembung roning mlinjo iku arane eso, mula bisa dadi ngaso. Dene tembung widheng galeng iku arane yuyu, mula bisa dadi tembung rahayu.
3. Wangsalan Rangkep
Wangsalan rangkep yaiku wangsalan kang bisa batangane luwih saka siji.
Tuladha:
Jenang sela, wader kalen sesonderan
Apuranta, yen wonten lepat kawula
Tembung jenang gula arane apu, mula dadi tembung apuranta. Dene tembung wader kalen sesonderan arane sepat, mula bisa dadi tembung lepat.
4. Wangsalan Memet
Wangsalan memet yaiku wangsalan kang carane nggoleki batangane sarana ngonceki maksude tetembungane ambal ping pindho.
Tuladha:
Uler kambang, yen trima alon-alonan bae.
Tembung uler kambang tegese lintah, mula batangane dadi tembung satitahe. Tembung satitahe tegese ora ngaya, mung tumindak sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
5. Wangsalan Edipeni
Wangsalan edipeni yaiku wangsalan kang mawa paugeran:
a. unen-unene kedadeyan saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
b. saben ukara kang kapisan (yaiku isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa).
Tuladha:
Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka
Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa
Tembung tepi wastra  iku tegese kemadha, mula bisa dadi tembung mudha. Dene tembung wastra kang tumrap mustaka iku tegese iket, mula bisa dadi tembung ngiket.
6. Wangsalan ing Sekar
Wangsalan kang mapan ana sajroning sekar/tembang.
Tuladha ana ing tembang Kinanthi:
Kinanthi linging pitutur
Kenthang rambat menyan putih
Awasna dipun pratela
Noleha wiranging wuri
Cecangkok wohing klapa
Kang dadi pathoking urip
Sajroning tembang ing dhuwur ana wangsalan, yaiku (1) kenthang rambat tegese tela, mula bisa dadi tembung pratela, (2) menyan putih tegese tawas, mula bisa dadi tembung awasna, (3) cecangkok wohing klapa tegese bathok, mula bisa dadi tembung pathoking.
sumber: Esensi Bahasa Jawa Kelas XI semester genap
CANGKRIMAN

Cangkriman iku unèn-unèn utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman umumé kanggo gégojégan. Ana uga cangkriman kang digawé sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blèndèran (plèsèdan). Ana uga wangsalan kang dijawab dhéwé.
Cangkriman iku kapérang dadi papat, yaiku:
  • cangkriman kang awujud tembung wancahan.
  • cangkriman kang awujud pepindhan utawa irib-iribing barang.
  • cangkriman kang ngemu surasa blenderan
  • cangkriman liya-liyané

CANGKRIMAN WANCAHAN
Wancah iku tegesé cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana. Tuladha :
  • kabaketan : nangka tiba nang suketan.
  • pakboletus : tapak kebo ana léléné satus.
  • burnaskopen : bubur panas kokopen.
  • wiwawité, lesbadongé : uwi dawa uwité, tales amba godongé
  • yumaerong : yuyu omahé ngerong
  • suru bregitu : asu turu di bregi watu
  • pakbomba : tipak kebo amba
  • paklawa : tipak ula dawa

CANGKRIMAN PEPINDHAN
Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané. Tuladha :
  • Sega sekepel dirubung tinggi = salak.
  • Pitik walik saba kebon = nanas.
  • Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
  • Wit adhikih woh adhakah = waloh.
  • Wit adhakah woh adhikih = ringin.
  • Kebo bulé cancang marang = buntil
  • Gajah nguntal sangkrah = pawon
  • Emboké wuda, anaké tapihan = pring

CANGKRIMAN BLENDERAN
Cangkriman blèndèran iki cangkriman iki sejatiné ukara pranyatan kang bisa gawé bingung yèn macané salah. Tuladha :
  • Wong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
  • Wong mati ditunggoni wong mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing mati.
  • Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil

CANGKRIMAN KANG KACETAK WACAN
Cangkriman iki rinakit arupa tembang. Tuladha:
Bapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring. Sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang, ngon ingoné sang Bupati. Yèn lumampah, si pucung lèmbèhan grana. (gajah)
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, péncokanmu lambung kéring. Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya. (klenthing/jun)
SALOKA

Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone kang ngemu surasa pepindhan, dene sing dipindhakake kuwi uwonge.
Tuladha:
1.  tunggak jarak mrajak : turune wong asor dadi linuwih
2.  tunggak jati mati : wong luhur nanging cures , turune ora ana sing luhur
3.  gajah midhak rapah ; wong sing nerak pranatan sing digawe dewe
4.  kebo mulih ing kandhange : pangkat sing wis oncat saka waris , nanging bisa bali meneh
5.  kebo nusu gudel : wong tuwo sing njaluk wuruk menyang sing enom
6.  timun wungkuk jaga imbuh : wong bodho digunakake yen lagi dibutuhake
7.  bathok bolu isi madu : wong sing duwe kaluwihan
8.  kutuk marani sunduk : wong sing njarak marang kacilakan
9.  kethek saranggon : wong ala sarombongan

10.asu gedhe menang kerahe : wong sing duwe panguwasa, yen perkaran dimenangke    ketimbang wong cilik
11. Belo melu seton = anut grubyuk sanajan ora ngerti dhodok selehe.
12. Kemladeyan ngajak sempal = sedulur ngajak marang kerusakan.
13. Tengu ngedu gajah = wong cilik ngedu wong gedhe
BEBASAN


Bebasan yaiku sing ajeg panganggone lan nduweni teges entar kang ngemu surasa ngambarake tindak-tanduke manungsa.
Tuladha:

1. Ana daulate ora ono bejane : Wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida
2. Cuplak andheng-andheng ora prenah panggone: Wong tuwa utawa samubarang kang jalari ala, prayoga disingkirake
3. Dipalangana mlumpat,ditalenana medhot : Yen wis tinadir (jodoh) kayangapo mesti bakal kelakon
4. Gajah alingan suket teki : Lahir karo bathine bedha banget, mesti bae ketara
5. Kegedhen empyak kurang cagak : Kegedhen kekarepan nanging ora sembada
6. Adhang-adhang tetesing embun : Njagakake barang mung saolahe bae
7. Luput ing sembur : wong seng gak mampan karo nasehat
8. Nggutuk elor kena kidulTeese : Ngarani / dakwah seng orah bener
9. Ngumpulake watu item : Nganggep remeh perkara abot
10.Ketiban duren : wong seng nduwe masalah ora enthek-enthek

11. Nabok nyilih tangan : namakake panggawe ala sarana nggunakake tenagane wong liya.
12. Ngubak-ubak banyu bening : gawe rerusuh ing panggonan kang wus tentrem.

13. Kerot ora nduwe untu : darbe panjangka nanging ora nduwe sarana.

PARIBASAN


Paribasan yaiku unen-unen kang gumathok lan ajeg panganggone sarta nduweni teges wantah.

Tuladha:
a. Arebutan balung tanpa sunsum : padudon sing disebabake barang sepele.
b. Kenes ora ethes : wong wadon sing sugih omong / umuk nanging ora bisa mrantasi gawe.
c. Yitna yuwana lena kena : sing ngati-ati bakal slamet suwalike sing sembrana bakal cilaka.

d. Ciri wanci lelai ginawa mati : Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati. 
e. Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak. 
f. Becik ketitik ala ketara : Tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni tembe mburine. 
g. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan : Sanjan wong liya yen nandhang rekasa bakal      dibelani.
h. Entek amek kurang golek : Ngunek-unekake wong sakatoge. 
i. Njajah desa milang kori : Lelungan tekan ngendi-ngendi
j. Kebat kliwat gancang pincang : Tumindak kesusu/grusa-grusu bakal ora kebeneran/gawe rugi.
k. Pupur sadurunge benjut : Ngati-ati sadurunge nemu cilaka.
l. Welas tanpa alis : Karepe ngeman nanging malah gawe kapitunan.
m. Ditulung malah menthung : aweh piwales ala marang wonng kang wis nulungi.
PAMOR KERIS

Ingkang dipunwastanii pamor keris punika ugi saged wonten ing tosan aji sanèsipun, kadosta tumbak, wedung, pedhang, lan sapanunggalanipun. Déné pamor ingkang pilihan, biyasanipun kanggé tiyang-tiyang ingkang anggadhahi kalenggahan tartamtu utawi watek tartamtu. Pramila, langkung saé dipuntayuh rumiyin supados pirsa cocog botenipun, déné ingkang boten pilihan saged dipungadhahi sinten kémawon. Sejatosipun pamor punika gambaran/kesan utawi image wingit ingkang timbul saking ukiran ingkang wonten ing wilah keris utawi gegaman tradhisional sanèsipun. Gambaran wingit punika medal saking asil tempa campuran tosan ingkang dados bahan dhasar kanggé ndamel/nempa keris . Èlmu pamor ing gaman punika namung dipunkuwaosi déning para mpu. Jinising pamor inggih punika:
No.PamorKatrangan
01.Wos WutahPamor jinis punika paling kathah dipuntemokaken, wujudipun boten teratur lan umumipun kasebar ing permukaan wilah. Wonten ingkang anggadhahi pamikiran pamor punika pamor gagal, nalika empu kepengin ndamel pamor, nanging gagal. Pamikiran punika dipunbantah lan pirang-pirang empu, pamor punika estu dipunsengaja dipundamel. Pamor punika ugi dipunwastani pamor tiban. Pamor wos wutah nggadhahi tuwah ingkang sae kangge katentreman lan kaselamatan ingkang gadhah pamor punika, cukup wibawa, lan disayang tiyang ingkang wonten ing sakupengipun. Pamor punika kalebet pamor ingkang boten pamilih.
02.Udan MasPamor punika kathah dipunpadosi tiyang, utaminipun para bakul lan pangusaha. Wujudipun kados puseran utawi gelang-gelang ingkang nggadhahi lapis, paling sekedhik tigang lapis. Panggenanipun boten aturan lan wonten ingkang nyebar. Pamor punika asring berkombinasi kaliyan pamor wos wutah utawi tunggak semi. Tuwahipun pamor punika inggih punika kangge madosi rejeki. Pamor udan mas kalebet pamor ingkang boten pamilih.
03.TambalWujude kaya goresan kuwas kang gedhé ing bidhang lukisan. Tuwahé biyasané bisa nambah kawibawaan lan bisa munggahaké kariré sing nduwé. Miturut kapitayan wong Jawa, pamor iki bisa mungghaké drajadé kang nduwé. Pamor iki kalebu pamor kang pamilih, mula ora kabèh wong bisa nduwèni pamor iki.
04.Kulit SemangkaWujudé arep kaya kulit semangka, tuahé kaya Sumsum Buron. Pamor jinis iki manpangaté kanggo nggampangaké dalan golèk rejeki sarta nggampangaké dhedhapukan karo sapa waé. Pamor jinis iki kalebu pamor kang ora pamilih lan cocok dianggo sapa waé.
05.Gumbolo GeniPamor jinis iki asring sinebut pamor Gumbolo Agni utawa Gumbolo Gromo. Panggonan pamor iki ana ing tengah sor-soran lan gambaré kaya kewan kala kanthi buntut kang kaya bisa ngentup. Tuwahé apik, yaiku bisa ngunggahaké wibawané kang nduwé, lan uga bisa kanggo singkir baya. Pamor Gumbolo Geni apik diduwèni dening pimpinan sipil utawa militer. Pamor jinis iki kalebu jinis pamor kang pamilih, mula ora sembarang wong bisa nduwèni pamor iki.
06.Tunggak SemiPamor tunggak semi manggon ing tengahé sor-soran. Wujudé kaya digambar saka pinggir. Pamor iki biyasané berkombinasi karo pamor wos wutah. Tuwahé pamor iki yaiku bisa nggampangaké entuk rejeki, sanajan iku sithik. Pamor jinis iki kalebu pamor pamilih, mula ora kabèh wong bisa nduweni pamor iki.
07.Sekar KopiIng tengah wilah ana pamor kang kaya garis kandel saka sor-soran nganti pucuk wilah. Ing kiwa tengen garis kandel iki ana bunderan-bunderan kang nggrombol utawa kelompok. Sakelompoke kaperang saka loro utawa telung bunderan lan nèmpèl ing garis kandel kaya-kaya wiji kopi kang nèmpèl ing gagangé. Tuwah pamor iki bisa nglancaraké rejeki. Pamor iki kalebu jinis pamor kang ora pamilih, ananging pamor iki kalebu pamor kang langka, mula angèl ditemokaké jinis pamor iki.
08.Pulo TirtoPamor jinis punika kados pamor wos wutah, nanging namung gumpalan gambaripun kapisah radi adoh, kados wujud pulo wonten peta.Tuwahipun ugi sami kaliyan pamor wos wutah.
09.Sumsum BuronPamor jinis punika inggih sami kaliyan pamor wos wutah, gumapalanipun ugi kapisah radi ados kadosta pamor pulo tirto nanging radi langkung ageng kaliyan langkung dados satunggal. Tuwahipun sae, inggih punika tahan gudha kaliyan gampil rejekinipun. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih.
10.Mlati RinonceWujudipun pamor puniki mirip pamor rante, ananging umumipun bunderanipun langkung alit kaliyan boten boten bolonganipun. Bunderan punika awujud puseran-puseran ingkang sami kaliyan pamor udan mas, ananging langkung ageng. Tuwahipun kangge pados rejeki kaliyan numpuk kasugihan. Kangge pargaulan ugi sae. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih lan saged dipunagem kangge sinten kemawon.
11.RanteWujudipun pamor rante kados pamor mlati rinonce, nanging bentenipun ing bunderan alit ingkang wonten kados gambar bolongan. Tuwah pamor punika kangge nampung lan ngembangaken rejeki ingkang sampun dipunangsal. Pamor punika saged ngirangi sipat boros, anging boten pelit. Pamor jinis punika cocog kangge sinten kemawon kangge sadeyan utawi usaha.
12.AdegPamor adeg kathak dipuntemokake. Pamor jinis punika kalebet pamor pamilih, nanging langkung kathah ingkang cocog timbang boten. Tuwahipun kangge tolak balak, kadosta guna-guna, wabah, angin ribut, banjir, lan sapanunggalane. WOnten ingkang nolak satunggal sipat, wonten saperangan sipat panolakan.
13.MrambutPamor punika kados pamor adeg, malahan wonten ugi ingkang nggadhahi pamikiran pamor punika dipunwastani pamor adeg-mrambut. Padhahal samesthine benten. Pamor mrambut aluripun pedhot-pedhot. Tuwahipun badhe sami kaliyan pamor adeg. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang pamilih, pramila boten sembarang tiyang saged gadhah pamor jinis punika.
14.Sekar LampesTuwahipun pamor sekar lampes punika mirip kaliyan pamor tumpal keli. ananging namung pamor sekar lampes umumipun ugi ngandhut tuwah ingkang saged nambah kawibawaan. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih.
15.Ilining WarihRejeki ingkang lumintu, sanadyan sekedhik nanging sekedhik mbaka sekedhik wonten terus. Tuwah sanesipun inggih punika sae kangge pargaulan. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih, pramila cocog kangge sinten kemawon.
16.Blarak NgiridPamor jinis punika ugi dipunwastani pamor Blarak Sinered, ananging ugi wonten ingkang mastani pamor blarak ngirid benten kaliyan pamor blarak sinered. Tuwahipun kangge nambah kawibawaan lan sae kangge pargaulan amargi dipunsayangi kaliyan tiyang ingkang wonten ing sakupenge. Pamor blarak ngririd kalebet pamor pamilih.
17.Ron PakisPamor ron pakis mirip kaliyan pamor blarak ngirid, namung wonten ing bageyan pinggiripun kados sowekan. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang pamilih. Tuwahipun kangge kawibawaan sarta keberanian. Pamor jinis punika cocog dipuncekel dening tiyang ingkang ngasta ing militer utawi prajurit.
18.KorowelangPamor punika ugi badhe sami kaliyan pamor blarak ngrid utawi ron pakis, ananging ronipun langkung ageng lan langkung dados satunggal. Tuwahipun ugi badhe sami kaliyan tuwah blarak ngirid, ananging manpangat pargaulanipun langkung ageng tinimbang manpangan wibawanipun. Keris kanthi pamor punika (boten sedaya) sae kangge pados rejeki. Pamor korowelang kalebet pamor ingkang pamilih.
19.Ron GenduruWonten ingkang nyingkat rongenduru utawi mastani ron kenduru. Radi sami kaliyan ganggeng kanyut ananging susunanipun relatif langkung teratur lan rapi. Tuwahipun kangge kawibawaan lan rejeki. Sae kangge para pangusaha ingkang anggadhahi kathah anak buwah. Pamor Ron Genduru kalebet pamor ingkang pamilih.
20.Mayang MekarWujudipun kados ron sledri. Tuwahipun kangge nglancaraken pargaulan kaliyan dimisakakeni dening tiyang ingkang wonten ing sakipenge, Wonten ingkang anggadhahi tuwah pangasihan. Pamor Mayang mekar kalebet pamor ingkang pamilih.
21.Wiji TimunWujudipun kados wiji timun. Pamor wiji timun badhe sami kaliyan pamor uler lulut ananging langkung alit lan lonjong. Tuwahipun kangge pados rejeki. Ugi wonten ingkang kangge kawibawaan. Pamor jinis wiji timun sae kangge bakul kaliyan pangusaha. Pamor wiji timun kalebet pamor ingkang pamilih.
22.Kenanga GinubahTuwahipun kangge narik prehatenipun tiyang. Tuwahipun ugi kangge pargaulan. Pamor Kenanga Ginubah kalebet pamor ingkang pamilih.
23.Walang SinundukWujudipun mirip kaliyan pamor satai belalang. posisi walangipun saged miring mangiwa, kaliyan manengen. Tuwahipun kangge mengaruhi tiyang sanes. Wibawane ageng, pramila sae kangge para pamuka masyarakat, guru, pamimpin politik. Pamor Walang Sinunduk kalebet pamor pamilih.
22.Tumpal KeliTuwahipun sae kangge pargaulan. Ugi saged nunjang karir amargi ingkang gadhah bakal disayang dhuwuranipun. Pmor Tumpal Keli kalebet jinis pamor ingkang boten pamilih.
KERIS

Keris utawi tosan aji utawi curiga punika salah satunggal gaman utawi sanjata tradhisional masyarakat Jawa ugi dados salah satunggal lambang paripurna tiyang jaler sanèsipun turanggawismawanita kaliyan kukila. Curiga utawi keris punika anggadhahi makna jantan, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler) Jawa punika kedah tangguh, sagah ngayomi piyambakipun, kulawarga, saha saged mbela negari.

SEJARAH
Dereng wonten asil panalitèn ingkang kasil nemtokaken kalapunapa tiyang Jawa miwiti mangertosi keris, wonten keris Jawa sampun anggadhahi wujud ingkang sampurna nalika jaman Krajan Majapait. Ing jaman rumiyin, keris punika dados lambang kepangkatan ugi saged dados hadiyah ingkang paling saé utaminipun menawi hadiyah keris saking raja. 

MANPANGAT
Jaman sapunika fungsi keris sampun kirang, umumipun namung dados barang kolèksi ugi kanggé parlengkapan adicara-adicara saha ritual adat. Jaman rumiyin sanesipun anggadhahi fungsi sanjata, keris ugi saged kanggé tandha status sosial, jengjang pangkat ugi hadiah. Keris ing jaman rumiyin ugi saged dados lambang paseduluran ingkang dipuntandhai adicara ijol-ijolan keris, malah punika dados simbol paseduluran ingkang paling inggil. Wonten praktekipun ingkang kaanggep klenik, keris dipunanggep jimat kaliyan medhia/griya kanggé lelembut.

RACIKAN
Keris anggadhahi 49 bageyan.  Bageyan-bageyan punika anggadhahi bageyan-bageyan malih inggakng langkung detail ingkang wujudipun umumipun ukiran. Ukiran ing bageyan-bageyan keris Jawa anggadhahi makna kaliyan karakter ingkang benten-benten. Sekawan dasa sanga ricikan keris inggih punika:
  1. Pesi
  2. Metuk
  3. Gonjo
  4. Greneng
  5. Rondo Nunut
  6. Buntut Cecak
  7. Punukan
  8. Dho
  9. Ri Pandan (8+9 = Ron Dho)
  10. Tingil
  11. Sraweyan
  12. Bungkul
  13. Janur
  14. Sogokan
  15. Poyuhan
  16. Pejetan/Blumbangan
  17. Gandik
  18. Tikel Alis
  19. Jenggot
  20. Sekar Kacang utawi Kembang Kacang
  21. Jalen
  22. Lambe Gajah
  23. Pundak utawi Sumping
  24. Pudak Sa'tegal Depan
  25. Pudak Sa'tegal Belakang
  26. Adha-adha utawi Geger Sapi
  27. Lis-lisan
  28. Gusen
  29. Kruwingan utawi Gulo Milir
  30. Kruwingan Cucuk Manuk
  31. Pucukan Mbuntut Tumo
  32. Pucukan Anggabah Kopong
  33. Sogokan Sampir utawi Sinebo
  34. Bawang Sebungkul
  35. Sekar Kacang Pogok
  36. Lambe Gajah Rangkep
  37. Gonjo Wuwung
  38. Gonjo Kelap Lintah
  39. Gonjo Wilut
  40. Kanyut
  41. Wetengan Gonjo
  42. Sirah Cecak
  43. Buntut Cecak Sebit Lontar
  44. Sirak Cecak Melinjo utawi Nyangkem Kodok
  45. Buntut Cecak Nguceng Mati
  46. Gandik Pethuk utawi Laler Mengeng
  47. Mendhak
  48. Ukir utawi Deder
  49. Kinatah emas

WILAH
Wilah utawi pesi menika bageyan utaminipun keris. Bahan kagem wilah menika dipun damel saking macem-macem bahan, nanging ingkang umum saking watu météor, wesi, lan baja. Proses ndamelipun ngagem teknologi lipat, yaiku wesi utawi baja dipunpanasi, ditempa, ditekuk, dipanasi, ditempa, ditekuk ngoten terus ngantos katah lipatanipun. Cacahipun lipatan menika saking 16 lipatan (keris-keris blambangan) ngantos ewonan lipatan (keris Majapahit, Mataram lan sapanunggalanipun). Amargi prosès menika, ndadosaken wilah keris kuat sanget, teknologi menika ugi dipuncakaken wonten industri plywood.

WARANGKA
Warangka inggih punika sarung keris utawi wadhahipun keris. Warangka keris punika kadadosan saking pérangan-pérangan poko, inggih punika pendhok, mendhak, gagang, kaliyan warangka. Miturut jinisipun, warangka keris kaperang dados kalih, inggih punika warangka gayaman kaliyan warangka ladrang. Warangka gayaman punika wujudipun wonten kalih, inggih punika gayaman gaya Yogyakarta kaliyan gayaman gaya Surakarta. Semanten ugi warangka ladrang ugi kapérang dados kalih corak utawi gaya, inggih punika cara Yogyakarta saha cara Surakarta.

HULU
Gaman utawi gagang inggih punika bageyan ingkang dipuncekel, panggenanipun wonten sangandhaping wilah utawi pesi. Manpangatipun inggih punika kagem nyekeli wilah kaliyan kagem dipuncekel nganggé asta. Hulu anggadhahi kathah macem motifipun. Keris Bali wonten ingkang wujudipun kados patung dewa, patung padende, patung raseksa, patung penari, pertapa, alas, ugi wonten ingkah kinatah emas lan watu mulya. Keris Sulawesi nggambaraken manuk liyar, minangka pralambang kangge profesi masyarakat Sulawesi ingkang mujudaken pelaut. Déné peksi mujudaken lambang kaslametan dunya. Kadosta motif mustaka manuk ingkang dipunginakaken ing keris Riau Lingga, lan kanggé panggenan sanesipun minangka pengembangan tosan aji kadosta AcèhBangkinang (Riau), PalembangSambasKutaiBugisLuwuJawaMadura, kaliyan Sulu anggadhahi ukiran lan pralambang ingkang benten. Materi ingkang dipunginakaken asalipun saking manéka warna bahan kadosta gadhing, balung, logam, ingkang apling asring dipunginakaken inggih punika kayu. Hulu keris Jawa muturut garis besaripun kapérang dados sirah wingking, liling, cigir, cetek, bathuk, madharan, kaliyan bungkul.

Kamis, 14 Januari 2016

BUSANA JAWA (Makna Yang Tersirat Dalam Busana Tradisional Jawa Lengkap)

Busana adat Jawa biasa disebut dengan busana kejawen mempunyai perlambang tertentu bagi orang Jawa. Busana Jawa penuh dengan piwulang sinandhi (ajaran tersamar) kaya akan ajaran Jawa. Dalam busana Jawa ini tersembunyi ajaran untuk melakukan segala sesuatu di dunia ini secara harmoni yang berkaitan dengan aktivitas sehari-hari, baik dalam hubungannya dengan sesama manusia, diri sendiri maupun Tuhan Yang Maha Kuasa Pencipta segalanya.
Pakaian adat yang dikenakan pada bagian kepala adalah, seperti iket, udheng : dibagian tubuh ada rasukan (baju): jarik sabuk, epek, timang dibagian belakang tubuh yakni keris dan dikenakan dibagian bawah atau bagian kaki yaitu canela.

Penutup Kepala
Untuk bagian kepala biasanya orang Jawa kuna (tradisional) mengenakan “iket” yaitu ikat kepala yang dibentuk sedemikian rupa sehingga menjadi penutup kepala. Cara mengenakan iket harus kenceng (kuat) supaya ikatan tidak mudah terlepas. Makna iket dimaksudkan manusia seyogyanya mempunyai pemikiran yang kenceng, tidak mudah terombang-ambing hanya karena situasi atau orang lain tanpa pertimbangan yang matang.

Hampir sama penggunaannya yaitu udheng juga, dikenakan di bagian kepala dengan cara mengenakan seperti mengenakan sebuah topi. Jika sudah dikenakan di atas kepala, iket dan udheng sulit dibedakan karena ujud dan fungsinya sama. Udheng dari kata kerja Mudheng atau mengerti dengan jelas, faham. Maksudnya agar manusia mempunyai pemikiran yang kukuh, mengerti dan memahami tujuan hidup dan kehidupan atau sangkan paraning dumadi. Selain itu udheng juga mempunyai arti bahwa manusia seharusnya mempunyai ketrampilan dapat menjalankan pekerjaannya dengan dasar pengetahuan yang mantap atau mudheng. Dengan kata lain hendaklah manusia mempunyai ketrampilan yang profesional.
Busana kejawen seperti beskap selalu dilengkapi dengan benik (kancing baju) disebelah kiri dan kanan. Lambang yang tersirat dalam benik itu adalah agar orang (jawa) dalam melakukan semua tindakannya apapun selalu diniknik, diperhitungkan dengan cermat. Apapun yang akan dilakukan hendaklah jangan sampai merugikan orang lain, dapat, menjaga antara kepentingan pribadi dan kepentingan umum. Sabuk (ikat pinggang) dikenakan dengan cara dilingkarkan (diubetkan) ke badan. Ajaran ini tersirat dari sabuk tersebut adalah bahwa harus bersedia untuk tekun berkarya guna memenuhi kebutuhan hidupnya. Untuk itulah manusia harus ubed (bekerja dengan sungguh-sungguh) dan jangan sampai kerjanya tidak ada hasil atau buk (impas/tidak ada keuntungan). Kata sabuk berarti usahakanlah agar segala yang dilakukan tidak ngebukne. Jadi harus ubed atau gigih.

Epek bagi orang jawa mengandung arti bahwa untuk dapat bekerja dengan baik, harus epek (apek, golek, mencari) pengetahuan yang berguna. Selama menempuh ilmu upayakan untuk tekun, teliti dan cermat sehingga dapat memahami dengan jelas. Timang bermakna bahwa apabila ilmu yang didapat harus dipahami dengan jelas atau gamblang, tidak akan ada rasa samang (khawatir) samang asal dari kata timang. Jarik atau sinjang merupakan kain yang dikenakan untuk menutup tubuh dari pinggang sampai mata kaki. Jarik bermakna aja gampang serik (jangan mudah iri terhadap orang lain). Menanggapi setiap masalah harus hati-hati, tidak grusa-grusu (emosional).

Wiru Jarik atau kain dikenakan selalu dengan cara mewiru (meripel) pinggiran yang vertikal atau sisi saja sedemikian rupa. Wiru atau wiron (rimple) diperoleh dengan cara melipat-lipat (mewiru). Ini mengandung pengertian bahwa jarik tidak bisa lepas dari wiru, dimaksudkan wiwiren aja nganti kleru, kerjakan segala hal jangan sampai keliru agar bisa menumbuhkan suasana yang menyenangkan dan harmonis. Bebed adalah kain (jarik) yang dikenakan oleh laki-laki seperti halnya pada perempuan, bebed artinya manusia harus ubed, rajin bekerja, berhati-hati terhadap segala hal yang dilakukan dan ” tumindak nggubed ing rina wengi ” (bekerja sepanjang hari)

Canela mempunyai arti “Canthelna jroning nala” (peganglah kuat dalam hatimu) canela sama artinya Cripu, Selop, atau sandal. Canela selalu dikenakan di kaki, artinya dalam menyembah kepada Tuhan Yang Maha Kuasa, hendaklah dari lahir sampai batin sujud atau manembah di kaki-NYA. Dalam hati hanyalah sumeleh (pasrah) kepada kekuasaan Tuhan Yang Maha Esa.

Curiga dan Warangka
Curiga atau keris berujud wilahan, bilahan dan terdapat di dalam warangka atau wadahnya. Curiga dikenakan di bagian belakang badan. Keris ini mempunyai pralambang bahwa keris sekaligus warangka sebagaimana manusia sebagai ciptaan dan penciptanya Yatu Allah Yang Maha Kuasa, manunggaling kawula Gusti. Karena diletakkan di bagian belakang tubuh, keris mempunyai arti bahwa dalam menyembah Tuhan Yang Maha Kuasa hendaklah manusia bisa untuk ngungkurake godhaning setan yang senantiasa mengganggu manusia ketika manusia akan bertindak kebaikan.

Sabtu, 02 Januari 2016

PIRANTI PAWON

Piranti pawon iku piranti sing umume dipigunakake kanggo kagiatan masak utawa olah-olah, penyajian masakan lan panganan sarta piranti mangan lan ngombe. Piranti pawon dumadi saja werna-werna jinis piranti utawa prabot, wiwit saka sing tradhisional nganthi tekan piranti modhern sing umume gumantung marang sumberdaya listrik.

Jinis Piranti

  • Piranti mangan lan ngombe:
    • cangkir, umume kanggo nyuguhake ombenan teh utawa kopi
    • garpu / porok
    • gelas, umume kanggo nyuguhake ombenan banyu tawa lan liya-liyane
    • piring
    • sendhok
    • sumpit
    • mangkok
  • Piranti masak:
    • Dandang utawa langseng
    • Anglo
    • kompor, bisa migunakaké sumber panas saka listrikgas utawa lenga patra
    • microwave piranti masak utawa manasi panganan nganggo sumber tenaga gelombang mikro.
    • oven
    • panci
    • Wajan
    • Sothil
    • Erok-erok
    • Cowek
    • Uleg-uleg
    • Kalo
    • Kukusan

BAHAN BAKAR

  • Lenga gas
  • Gas èlpiji
  • Listrik
  • Areng
  • Kayu bakar